Senin, 12 Maret 2012

siluman ultraman vs anak ayame rawudi

pada suatu ketika nang desa bernama desa maju mundur pokoke manjur hidup seorang peternak ayam babon bernama rawudi.
Rawudi wis dadi peternak ayam babon awit umur 6 taun olih warisan kading sidene sing juga ora lain ora bukan adalah juragan ndog lehor.
Nah dong pertamane rawudi di ngai warisan ndog ayam lehor siji kading sidene, latane ndog kueh di angkremi karo rawudi nganti 11wulan akhire ndoge mletek alias pecah.
Nah barang ndoge pecah dadi pitik latane pitike didingu karo rawudi nganti gede. Barang wis gede ayame di kawinake karo sapine tanggane, barang wis di kawinake latane bengi bengine ayame langsung ngendog. Ndoge gede nemen kaya ndog dinosarus. Nah singkat cerita latane ndog kueh akhire pecah, terus dadi pitik. Pitike bentuke ora umum pokoke lah. Awake gede, ndase ana sungune, buntute dawa, sikile pitu, suwiwine telu.
Nah barang kaya kue ya ana siluman sing lagi pengin mangan ayam. Siluman kueh adalah siluman ultraman, siluman ultramen lagi nggrantang soale wis rong taun ora mangan daging.
Pas bengi bengi sekitaran jam setengah loro siluman ultraman niate pan mangan anak ayame rawudi sing bentuke ora umum. Barang wis anjog nang kandang ayame ajeg ajeg anak ayame rawudi nglilir tangi langsung kaget weruh siluman ultraman lagi undak unduk kaya pan nginggeng wong adus. Latane anak ayame rawudi langsung marani maring siluman ultraman ngomong kaya kie : he koe pan apa um ganing kah mlakune undak unduk kaya wong kas nginggeng wong adus?
Latane siluman ultramane njawab kaya kie : iya keh aku lagi nggrantang pengin mangan daging um,,
Latane dijawab maning karo anak ayame rawudi kaya kie : oo,, berarti koe mene mene pan mangan aku ya man ultraman?,, oo bajingan koe man niate pancen nantang singgel koe man ya, njuh singgel karo aku kene keh..

Utraman pun akhire singgel karo anak ayame rawudi, ultraman ngetok ngetokna jurus jurus andalane tapi tetep ora mempan, soale awake anak ayame rawudi seter nemen sih. Nah barang wis kaya kue anak ayame rawudi langsung nyerang balik maring siluman ultraman nganggo jurus TEMA alias TEmbelek MAut. ultraman langsung klabakan ora karuan soale awake kedurugan tembelek nganti 78 ton.
Akhire siluman ultraman pun mati mengenaskan.

Wis ceritane kaya ku bae ya, aku pan ngising ndikit.
rame nemen

0 komentar: