Senin, 02 September 2013

nightmare

mbengi aku mimpi buruk sodara sodara..
mimpi buruk, ataua basa inggrise nightmare, ataua basa jawane ngimpi elek, ataua basa belandane nachtmerrie, ataua basa jepange akumu, ataua basa prancise cauchemar, ataua basa spanyole pesadilla, ataua basa yunanine efiálti̱s, ataua basa cinane mèngyǎn, ataua eh wis lah semono bae aja akeh akeh ngko takan ora rame.

oke, dadi mbengi aku keh mimpi buruk. buruk nemen pokoke yakin..
keh dadi ceritane kaya kiye keh:

pas aku lagi bobo tampan mujur ngalor nang kasur bosok sambil ngringkel karo sikepan bantal guling, akupun ngimpi.
pertama tama ngimpine aku apik nemen, yaitu pacaran karo maudy ayunda (soale angger pan turu aku senenge mandengi potone maudy ayunda nang hapene aku, dadi sampe kegawa ngimpi).
aku lagi pacaran karo maudy ayunda nang taman bunga. mesra nemen pokoke, tangane maudy ayunda tak cekel atik sikil, rambute maudy ayunda tak petani (soale akeh tumane), latane barkueh awake aku dipijeti maudy ayunda atik parut. pokoke mesra nemen yakinlah sung.
maudy ayunda


sampe akhire pas aku lagi mesra mesrane pacaran karo maudy ayunda nang taman bunga, ajeg ajeg sing mburi ana sing ngageti aku karo maudy ayunda "doorrr raimuuu!!.." aku kaget nemen latane aku langsung menculat dan tiba nglabruk, sementara maudy ayunda tiba nang nduwure awake aku.
jebule sing ngageti aku karo maudy ayunda adalah toro margen.
toro margen


aku bingung, ih ganinge kah ana toro margen nang kene?.. anukapa keh wong dongene yah?.. 'bisiku dalam hati.

toro margen kemudian mengamuk-amuk seperti setan kesurupan. aku mencoba untuk melindungi maudy ayunda dan lari dari toro margen.
tapi toro margen malah ngejar aku karo maudy ayunda. akhire gelem ora gelem aku kudu ngladeni toro margen.

maudy ayunda tak gon semingkir ndikit.
sayang, kamu pergi dulu nanti aku nusul 'ucapku kepada maudy ayunda.
baiklah kutunggu kau di warung pominah 'jawab maudy ayunda.
bisane nang warunge pominah? 'tanyaku.
soale aku ngelih nemen, aku pan mangan ndikit 'jawabnya.
oyawis mana mangan sing wareg.

setelah maudy ayunda semingkir, aku langsung menyerang toro margen dengan jurus kamehameha.
ka..me..ha..me..haaaa... wuuzzzz...
toro margen langsung geseng rumpeng.
yes berhasil 'kataku.
tapi jebule toro margen esih urip. kemudian toro margen berubah dadi moster raksasa.
graauuuwww!!.. toro margen menjelma dadi moster pitik raksasa. kemudian moster pitik raksasane langsung menyerangku dengan jurus 'tladungan maut'. crup! crup! crup! moster pitike mencoba menladungku tapi aku inggat dan ora kena.

melihat posisine aku sing semakin terpojok dan kalah postur, akhire aku berubah dadi ultraman.
hiyaaaat.. cling!..
saiki aku pada bae gedene karo moster pitik.

ayo moster pitik, mene raimu angger wani 'tantangku.
piyak.. piyak.. piyak.. rasakan ini.. jurus tembelek lancung mambu basengggg..
cruuuuussss..
jurus tembelek lancung mambu baseng langsung mengenai tubuhku yang montok aduhai.
uwah.. aku langsung ngulet ngulet.
tapi serangane langsung tak bales dengan jurus tembakan laser kading silit.
rasakan ini moster pitik toro margen mister blekkkkk..
sriiiinggggg... juiiiizzz... duaaarrrr!!!!.. moster pitike langsung njeblug waduke.

yes aku menag hore.. berhasil, berhasil, hore, hore, aku langsung merayakan kemenanganku dengan berselebrasi seperti dora.

tapi lagi pas enak enak selebrasi ajeg ajeg lampu nang dadane aku kelip kelip. pertanda bahwa batrene pan ntek. aduh aku kudu cepet cepet berubah dadi wong maning.

akhire akupun berubah dadi wong ngganteng (tapi goblog) maning.
aku ngos ngosan sangkin kesele. ambegkane prengosan kaya wedus pan disembeleh. akhire akupun pingsan.

dong pas aku sadar aku kaget nemen. isine wong akeh nemen pada ngrubengi aku. aku nggleleng nang pangkuane maudy ayunda. aku takon karo maudy ayunda 'weh ana apa keh sayang?'
'ora papa, miki koe pingsan..' jawabnya.
'o pingsan tok beh dadi rame kaya kiye ya..' ucapku dengan nada lemes dedes.
'pingsan tok ndasmu.. raimu keh pingsan karo wuda byar nang tengah nggili enggal ketlindes tronton gobloggg..' kata maudy ayunda.
'alah apa iya? terus terus?.. tanyaku penasaran.
'terus koe di ngai napas buatan, latane koe sadar..' jawab maudy ayunda.
'ah makasih yah sayang wis ngai napas buatan nggo aku..' kataku geer.
'najis, sapa sing gelem ngai napas buatan nggo koe..' ucap maudy ayunda.
'lah terus sing ngai napas buatan aku sapa?'.. tanyaku penasaran.
'sing ngai napas buatan koe adalah... bunda dorceeeeee...' jawab maudy ayunda dengan nada panjang.
'apah?! bunda dorceeee?!... tidyyyyyaaaaaakkkkk!!!... aaaaaaaakkkk!!!!..
bunda dorce


latane aku langsung tangi jenggelek dan mlayu maring sumur kemu ping pitu.
shit.. benar benar mimpi buruk yang terlalu buruk.