Kamis, 30 Agustus 2012

story of afika episod 9

hosh hosh hosh mamah dedeh prengosan wis ora kuat mlayu maning.
di saat mamah dedeh lagi ngos ngosan, siluman ultraman langsung njurus tembakan laser maring mamah dedeh kading mburi. mama dedeh pun dadi geseng kaya areng batok. nah saiki gari antara afika dan siluman ultraman.


afika anteng nemen ora wedi, sementara siluman ultraman lagi sewot sewote ajeg ajeg lampu sing nang dadane murub abang kelap kelip. oh siluman ultraman langsung panik soale ning lampu sing nang dadane murub kelap kelip tandane batrene wis lemah, ultraman niate pan mabur balik nge cas ndikit tapi sikile ultraman di sampil afika, mbluwekk.. siluman ultraman pun tiba njengking. siluman ultraman wis panik nemen akhire batrenepun ntek dan siluman ultraman wis ora bisa bergerak alias dadi patung.

afika njoged njoged kesenengen yeay yeay yeay berhasil! berhail! oyeay! oyeay!.



dan akhir cerita afika balik maring ngumah numpak jaran dewekan.

wis ceritane nganti episod 9 bae ya aja akeh akeh ngko aku kemumeten dewek.

dadah...



"TAMAT"

story of afika episod 8

mama dedeh akhire menemukan jalan buntu yaitu jurang. jengjeng jeng..
akhire gelem ora gelem mama dedeh akhire menyerah maring propesor jojon. propesor jojon pun menang. HUWAHWAHWAH..!! propesor jojon ngguyu kesenengen. tapi saat propesor jojon lagi ngguyu kesenengen tiba tiba ana sing nyempalong kading mburi yaitu siluman belis gundul alias mario trguh, PELOOOKKK!!.. uwaa.. boyoke propesor jojon langsung mbetut, propesor jojon terheran heran ganingekah mario teguh esih urip?..

mario teguh pun berkata: wahaha kawus koe modyar modyara raimu bajingan aja nganggep aku remeh, aku keh ndue tenaga cadangan sing tak simpen nang jero weteng. tapi ya kaya kie resikone ning aku nganggo tenaga cadangan efek sampinge raine aku dadi berubah bentuk.

mario teguh evolusion


propesor jojon bener bener ora nyangka bakal kaya kie dadine, niate pertamane pan nyulik afika kur pan njaluk oreo tok beh malah dadi dawa kaya kie urusane, dan tanpa basa basi siluman belis gundul alias mario teguh terus terusan menggebug prospesor jojon hingga akhirnya propesor jojon sekarat.
horee.. mamah dedeh njerit kesengen, tapi beberapa saat kemudian teka siluman ultraman. siluman ultraman mangklie dadi kuwat maning setelah mangan kluban suket.
siluman ultraman kaget ndeleng propesor jojon sing wis sekarat gara gara mario teguh.
siluman ultraman sewot nemen, atine panas nemen dan tanpa cas cis cus langsung nyerang mario teguh nganggo jurus tembakan laser, mario teguh ora weruh serangane siluman ultraman, dan mario teguh pun langsung kena tembakan lasere siluman ultraman. waaa!!! mama dedeh kembali panik dan mlayu maning.

siluman ultraman bener bener ora nyangka propesor jojon bakal sekarat kaya kie, siluman ultraman berpikir ini semua karna afika, afika pokoke kudu tanggung jawab. dengan sigap siluman ultraman langsung mlesat ngejar mamah dedeh sing nggawa mlayu afika.

next episod 9.

ceritane dong bada (aku nyaris pan ndue pacar)

oiya, aku pan cerita maning ah mumpung esih nang warnet.
keh dadi ceritane ya dong bada wingi aku balik kampung atau basa gaule mudik. nah pas nang desa aku pangling kabeh karo batir batire aku sing dong nanu cilik cilik kaya tengu, saiki wis pada gede gede kaya gajah india. oh iya sing batire aku dong cilik ndase boroken beh saiki dadi ayu nemen, ana juga sing nanu dong cilik awake kampleng kampleng kaya kinjeng dom saiki malah dadi lemu nemen kaya gentong, ana juga batire aku sing nanu endep saiki dadi duwur nemen kaya gantar.

okeh saiki dari pada ngurusi batir batire aku sing ora nggenah, mending aku cerita dong pas aku ketemu karo risna anake um rusdi juragan lenga. dadi ceritane pertama aku dikenalna karo batire aku, pertama aku ndeleng raine risna sih biasa biasa bae, tapi barang ketemu kelorone atine aku kayong ser seran ora nggenah.
apakah ini tandane aku jatuh cinta sodara sodara?... plis bantu aku.. plis plis plis love and gaul (apa maning kiyeh).

tapi sayange ya dong pas aku pan nyamplok nembak risna malah aku mangkat maring bandung. ya pan kepriwe maning yah wong aku dingai waktu libure kur rong minggu tok sih.. huwahahaha... aku pan nangis ndikit ya.

nah wis nangise, eh tapi ya walaupun aku ora sida nembak risna tapi kayong kayonge sih (keh mbeke kayong kayonge loh ya) risna ngai tanda maring aku. wehehe pancen jodoh tak kemana.. oiya nganti seprene aku karo risna esih smsan nggal wengi. sayange risna senenge karo cowo sing romantis, alhasil uteke aku kudu jungkir balik demi menemukan ide kata kata sing paling romantis. tapi yawislah wong arane beh cinta yah kudu butuh pengorbanan rah ya..

nb: potone risna urung bisa tak oplod soale aku urung dikirimi. ngko kapan kapan bae wis ya tak oplode.

lagi nembelek

ceritane dong bada (gara gara lontong)

aauuwooo... sing kas pada mudik maring kampung mangan lontong kupat karo jangan ayam sepuase primen kabare?..

oiya aku beh ora gelem kalah karo koe koe pada, aku juga ndue cerita dong pas bada atau lebaran nang desane aku sing arane desa kaligelang kecamatan taman kabupaten pemalang.

pas malam takbiran pancen malam sing paling indah, malam takbiran adalah malam dimana lontong lontong esih anget, jangan ayam esih panas, nah apa maning sing nggo wong kaya aku kiyeh (sing mangan ayam paling setaun sepisan tok). tapi yawislah ora papa. keh dadi ceritane ya dong pas malam takbiran, aku ora lunga maring ndi ndi, aku tunggu pupuk nang njero umah karo ngenteni lontong mateng. begitu lontong wis mateng, aku langsung mlayu njukut piring dan ngirisi lontong telu latane tak siram nganggo duduh jangan ayam karo ayame patang mbringkil, ya maklum aku pancen seneng nemen karo jangan ayam, apa maning sing njangan simane aku wuis,, ya luwih luwih rah ya.

nah setelah selesai mbadog, aku ngaplang ngaplang kewaregen, batire aku pada nyamper ngejaki dolan dolan tapi ya pan kepriwe maning.. aku wis ora bisa beregerak, wetenge mlembung kaya gentong gari dingai bolongan nduwure beh wis dadi kaya celengan bagong.

wehehe, okeh ceritane tak singkat bae lah dari pada bertele tele kakeyen cocot ngko koe malah ora sida nguyuh.. (apa hubungae sih donge?).
okeh barang esuk esuke sekitar jam setengah eneman, simane aku nggugah aku sing lagi turu ngaplang ngaplang,

sima: roh, tangi pan sholat id pora?..

aku esih kewaregen, awake madan abot nggo tangi. akhire pun terpaksa tangi demi sima.

aku: yawis ma aku pan sholat id.


aku pun mlaku maring sumur ngleyang ngleyang kaya gajah lagi nyebrang jembatan sirotol mustakim. singkat cerita aku pun wis beres adus, aku langsung nganggo sarung karo baju koko latane maring mesjid.

nah dong pas njagong nang njero mesjid, wetenge aku blenat blenet kaya pan babaran.. aduh ya allah.. padahal solat id e pan tampuk patang menit maning tapi aku ora kuat pengin mrojolna jabang bayi kuning kiyeh (baca: telpong) ya allah..

akhire gelem ora gelem tak tahan, nah empat menit kemudian sholat id pun dimulai. rakaat pertana alhamdulliah esih bertahan.. tapi barang memasuki rakaat ke loro pas lagi sujud ajeg ajeg ana suara "preeeeuut..." suarane sih lirih tapi mambune kueh sing breng brengan nemen.. wong wong sing sembayang nang pinggire aku pun pada kemambunen malah ana sing pingsan siji. aku isin nemen ya allah.. aku pengin ngaku aku sing ngentut tapi isin..

tapi yah wong pancen aku wong ora ndue utek, aku tetep ora ngaku nganti sholat id e bubar wong wong semesjid pada geger ngluruhi sapa sing ngentut.

aku ora urus, aku langsung balik mlayu maring sumur ngising sepuase. bar ngising aku mangan lontong ayam maning. wahahaha bada pancen enak yah bisa mangan enak..
minal aidin wal paidin kanggo kabehan ya.. terutama nggo wong sing pingsan pas sholat id.



sekeluarga

 kami sekeluarga mengucapkan minal aidin wal paidin..

Sabtu, 04 Agustus 2012

wulan puasa dadi sungkan nulis

aduh, mbuh nang apa aku saiki dadi sugkan nemen nulis. ndase aku kayong kentekan ide, uteke dadi kosong gara gara wetenge kosong. iya soale kieh wulan puasa sih dadi yah ora olih mangan rah. angger kaya kie bae pengine bunuh diri nemen sung.
SIMAAA!!


oiya keh saiki dari pada bingung bingung kaya manuk ciblek, mending ndeleng kumpulan pidio pidione aku sing paling keren sejagad raya. keh deleng keh.. sing pertama judul pidione sebelum kau tidur aku 10 kali lipat katon ngganteng ning lagi merem.

 














keh sing keloro judule sima aku ora ndue duit iya soale menggambarkan sebuah situasi kondisi dong aku lagi ora ndue duit seperak peraka, wetenge ngelih pan mangan langka sega pan ngliwet langka beras pan nempur langka duit.

















nah sing ketelu keh ceritane aku pengin dadi bintang iklan oreo kaya afika.
















keh sing terakhir pidione aku dong lagi ndableg njoged njoged ora nggenah kaya klabang buntute tugel.
















wis kaya kue bae ya.. semoga terhibur.. wassalam.