Minggu, 11 Agustus 2013

kaligelang panassss...

haduh.. panase semelet nemen ah..pengine ngrongokna lagune gigi sing 'panas panas panas panas badan ini.. pusing pusing pusing pusing kepala ini..'

panase pancen ora umum, aku nganti kondab gara gara panas + ndase mumet ana apa.

oiya, keh saiki aku lagi nang kaligelang (udu nang bandung). kaligelang panase ora main main.. rasane awake kaya dipanggang nang nduwur pawon.
ora kaya nang bandung sing aderm semripit + nggal sore udan. nang kaligelang ora tau udan, panas bae kaya nang gurun sahara. (padahal ora ngerti gurun sahara kueh nang ndi).

saking panase, jemuran (pemean) sejam beh wis pada garing.
mau esuk simane aku ngumbahi, latane tak jemurna (sebagae anak yang berbakti) padahal ora eh ajeg ajeg mbeke sejam beh wis pada garing pemeane.. akhire langsung tak dintasi tak lempiti tak wadai lemari.

kaligelang beda nemen karo miyen. miyen hawane adem semripit saiki panas ngagar. mungkin gara gara global warming ndea ya.. iya ndean.

gara gara panas, ndase aku rasane kaya geseng.. ide ide sing biasane bermunculan saiki wis pada dadi areng.
aku nang kaligelang dadi kering ide, dadi bodo (pancen wis bodo), dadi goblog (pancen dasare goblog), dadi gemblung (pancen wis gemblung awit lahir), dadi ora nggenah (pancen aku ora nggenah).

beda ning nang bandung. aku bisa nemukna ide ide apa bae pokoke sing bisa dadi bahan nulis cerita cerita ora nggenah. hmm..
tapi walau bagemanapun aku tetep cinta tanah kelahirane aku. sing membesarkan aku dan membentuk karakter awake aku.

huf.. adus kringet keh aku yakin kringete kemlonyor nemen kaya lenga lentik (kena nggo nggoreng ndog).
oiya wingi kas bada dadi aku pan ngucapna minal aidzin wal faidzin ya sodara sodara sing wis setia membaca cerita ceritane aku sing sebenere ora nggenah, ora rame, ora apik.

yawislah semene ndikit ya.. panas nemen.. aku pan kungkum nang njero kulkas ndikit.


calon lurah kaligelang

oiya keh panas panas kaya kiye enake ngrongokna lagune gigi men tambah panas.. men tambah pusing.. men tambah ora karu karuan.. men tambah tambahan.. karo ndeleng arman maulana jempalitan kaya iwak krotong ngusek nang ndut.