Minggu, 21 Oktober 2012

[masih] udu dunia lain episod 2

okeh akhirnya acara [masih] udu dunia lain memasuki episod 2.
sekarang sibotak rudi kawilarang beserta kru sedang mencari korban eh maksude peserta sing pan di uji nyaline.
nah setelah mencari cari sampai kepelosok desa nganti ngesrak ngesrak maring njero alas akhire rudi kawilarang menemukan peserta bernama steven goerge van der vart marwik atau yang lebih akrab dipanggil slamet untung.
kiyeh wonge

slamet untung kemudian dijak maring gedung kosong bekas pabrik gula jaman peninggalan belanda yang terletak di kabupaten pemalang.
pukul 00:30 dan acarapun dimulai. slamet untung dingai pacetan kacang godog setoples, wedang manis sebotol, sega megana seprincuk, udud 4 ler.

pukul 01:00 slamet untung mulai ngrasakna merinding, slamet kemudian mendengar suara glontangan, slamet langsung pencilakan kageten, latane slamet marani maring sumber suara dan jebule kueh suara kru [masih] udu dunia lain sing lagi mangan ajeg ajeg piringe tiba gara gara ngantuk, latane slamet langsung ngomongi krune.

slamet: lah wong ngantuk beh reka reka mangan ana apa koe..

kru: lah pan keprimen maning, aku ngelih.. ning weteng ngelih ora bisa turu..

slamet: koe degog nemen sih dadine ngewong.. wong sing arane turu kueh udu karna wareg, tapi karna ngantuk..

kru: lah ngantuk ngantuke aku yah sekarep karepe aku yah.. ora ana urusan karo koe.

slametpun jengkel dan langsung menengkel gulune kru [masih] dunia lain kueh, dan kru pun langsung mojled.
rudi kawi larang ora trima krune di tengkel kaya kue tok, rudi kawilarang berusaha membalas dengan tendangan tapi ditangkis karo slamet, kemudian slamet nyerang balik rudi kawilarang nganggo dom alias jarum pentul, slamet menusukan jarum pentul nang wetenge rudi kawilarang, rudi kawilarang langsung nggembor nggembor kelaranen.



loh ganinge ceritane malah gelut gegelutan?...
yawislah dari pada ceritane tambah ngawur mending ceritane tak balikna maning maring pukul 00:50 dan kita lupakan kejadian tadi.
pukul 00:50 slamet matane wis kriyap kriyep, latane slamet turu.
melihat slamet turu kemudian rudi kawilarang marani.

rudi: weh weh weh ganingkah malah turu..

slamet: lah iya keh um matane aku ngantuk nemen urung turu rongdina rongwengi..

rudi: yawis keh men koe ora ngantuk keh tak ngai gimbot ya.. wis koe karo dolanan gimbot bae keh men ora ngantuk.

slamet: horeeeeee acik acik acik aku wis awit nanu nemen pengin dolanan gimbot akhire saiki aku bisa dolanan.

slamet langsung jempalitan  kesenengen dingai gimbot.
pukul 01:30 slamet esih dolanan gimbot.
pukul 02:00 slamet ajeg ajeg dadah dadah maring arah kamera, kemudian rudi kawilarangpun marani.

rudi: ana apa ana apa? koe wis ora kuat apah?

slamet: udu um kiyeh batune ntek dadine gimbote mati.. mana tuku batu ndikit um, tukune batune sing apik kolih sing merk AAC aja sing merk ADC kueh batu bosok batu lawas ora apik um..

rudi: iya iyawis aku tak tuku batu ndikit ya..

slamet: ya gagian aja suwe suwe.

setelah rudi kawilarang tuku batu, acarapun kembali dilanjutkan, dan slamet langsung sibuk dolanan gimbot.
pukul 03:00 slamet esih dolanan gimbot, pukul 04:00 slamet esih dolanan gimbot, pukul 05:00 slamet esih anteng nemen dolanan gimbot. rudi kawilarangpun marani maring slamet.

rudi: weh keh wis adan subuh keh njuh sembayang ndikit..

slamet: lah tanggung keh um sedelat maning aku ngalakna mostere, aku wis nang level 12 keh um wis adoh nemen.

rudi: wis dolanan gimbote ngko maning bae..

slamet: lah gelem pora..

rudi kawilarangpun marah, kemudian rudi njukut bugelan, gimbot sing lagi dicekel slamet langsung direbut rudi dan kemudian rudi menggejug gejug gimbote nganggo bugelan. slamet hanya bisa diam melihat kesadisan rudi, latane slamet nangis nggower nggower. rudi ora perduli, kemudian rudi dan para kru [masih] udu dunia lain pada kugut alias kekes kekes lunga, sementara slamet ditinggal dewekan nang pabrik.
slamet esih nangis nggower nggower karo njerit njerit giiiiiiiiimmmmmmmmmbbbbbbbbooooooooottttt siiiiiiimmmmaaaaaaaa ggiiiiimmmmmmmmbbbootttt ssssiiiiiiiiimmmmmmmmaaaa gggiiiiiiiimmmmmbottteee aakkuuuuuuuu mmmmaaaaaaaaa...



WIS YA CERITANE SEMENE BAE AJA DAWA DAWA. NANTIKAN CERITA SELANJUTE.. WEHEWEHEWEHE..


Minggu, 14 Oktober 2012

jomblo vs ora jomblo

jomblo. satu kata berjuta hina, yah jare wong wong sih kaya kuwe..
tapi jare aku yah udu, jomblo kueh adalah makhluk tuhan yang paling asik karna bisa bebas ora ana singatur ngatur.
misale koe nguyuh nang karangane wong yah langka sing nglarang, koe pan njagong nang ngarep mbale desa nganti maghrib yah langka sing nglarang, koe pan mangan apa ora yah langka sing nglarang. wis pokoke bebas nemen lah ya kaya aku kiyeh contohe.

nah ning pacaran kueh beda banget, koe ora bakalan bisa bebas. koe bakal diatur atur dikongkon kongkon, koe kur nggo ketiplakan tok, koe kur nggo gledegan tok..
misale koe niate pan tawu karo batir batire nang kali ajeg ajeg pacare koe marani njaluk dater maring pasar, akhire gelem ora gelem koe kudu nuruti.

nah tapi dadi jomblo ana ora enake juga sih, pacaran juga ana enake juga sih..
ora enake dadi jomblo adalah ning malam minggu, malam minggu adalah malam penyiksaan bagi para jomblo. sementara bagi sing pacaran malam minggu adalah malam yang lebih indah dari malam seribu bulan.
akhire sing jomblopun metungkruk nang pojokan karo nangis nggower nggower..
apa maning angger musim udan, yawis luwih luwih aring nangis ora nggower nggower maning tapi nggawor nggawor..

oiya keh tak contohkna bae poto potone sing mbedakna jombla karo ora jomblo.

1. jomblo ning tekas mangan mesti cangkeme nggabres isine upa, lambene kemlonyor kulah lenga, dong mangan lawuh iwak ayam biasane balunge di dimut terus nganti pirang pirang ndina, tujuane yah menda krasane kaya ambung ambungan. sementara bagi sing ora jomblo, angger kas mangan yah lambene resik, ora ana gabresane.


2. jomblo ning nginung kading botol senenge dikokop, botole di jejel jejelna maring cangkem. tujuane yah menda krasane kaya ambung ambungan karo wong wadon. semen tara bagi sing ora jomblo ning nginung kading botol yah biasa biasa bae ora dikokop tapi di cur alon alon.





3. jomblo ning lagi udud biasane menghayati nemen, lambene muncis muncis kaya brekicot ngambang nang kali, tujuane yah menda krasa kaya ngambung wong wadon. sementara bagi sing ora jomblo, udude ya biasa bae, nyante ora grusah grusuh ora muncis muncis.




yah begitulah perbedaan antara jomblo karo ora jomblo.
sing penting jomblo ora jomblo kudu saling menghormati satu sama lain, aja nyek nyekan. melas.. (soale aku juga jomblo).

Sabtu, 13 Oktober 2012

4 kebiasaan buruk rohimin

sebagai manusia biasa kabeh wong mesti ana apike ana ora apike, yah termasuk aku.
aku yah nduwe sifat apik tapi juga ndue ora apik, nah ning mbahas sifat apike aku tah wis biasa raya? saiki men katon sejen, aku pan cerita sing ora apik apik bae.

1. TURUNE ANGEL DIGUGAH (KEBLUG)
iya pancen sih aku ning lagi turu pancen angel digugah, soale yah aku ning lagi kepenak turu yah turu terus.. malah jujur bae ya.. aku pernah turu sedina rongwengi gara gara aku keselemen kas kerja, bar kueh aku tangi wetenge langsung kosong mlompong. aku kaya pan mati nemen.

2. SERING KESASAR
ehehe, iyah sih.. pancen aku wonge sering nyasaran nemen. mbuh karena aku lagi goblog atauwa aku lagi ling lung. contohe wingi, aku sing cibeureum cimahi niate pan dolan maring kakange nang setia budi bandung numpak angkot, eh tapi aku malah disasarna supir angkote maring dago.. akhire aku plonga plongo dewekan kaya wong ilang (pancen dasare wong ilang ding) dan kemudian aku balik mlaku. dan lek lok.

3. WEDI KARO NDOG KOMPLANG
yah iya sih mana mana yah wong ning di balangi ndog komplang bakalan wedi, udu aku tok. soale mambune kueh sing breng brengan dan bisa menyebabkan infeksi cungur karena ora kuat ngambunge. ora percaya? jajal bae..

4. SHAMPONAN KARO NANGIS
yoi coy.. aku ning perasaane lagi ora karuan biasane adus karo shampoan karo nangis. nangise ora nangis nggower nggower, nangise yah nangis biasa bae. lirih tapi seru.


yah kueh semono bae ya cerita tentang kebiasaan buruke aku. semono bae aja akeh akeh, ning kakeyen arane aku membunuh karaktere aku dewek rah melune..


sedang mempermalukan diri sendiri


Jumat, 05 Oktober 2012

[masih] udu dunia lain

okeh saiki aku pan cerita tentang acara sing biasa nyumul tengah wengi nggal malem jumat nang trans7. nama acarane adalah....... [MASIH] DUNIA LAIN.. jrengjreng jreng....


oke langsung bae maring inti ceritane ora usah kakeyen klegad kleged.
nah dadi ana wong kemlitak nemen arane darsono, darsono nantang kepengin dadi peserta uji nyali nang acara masih dunia lain. kemudian darsono pun ndaptar, dan diterima oleh si botak alias rudi kawilarang yang tidak lain dan tidak bukan adalah pembawa acarane.

acara pun dimulai, darsonopun dideleh nang tempat sepi.. tempat kontrakan sing wis ora dihuni 4tahun karna penghunine senenge nunggak akhire diusir karo sing ndue kontrakan.

darsono dipaceti wedang manis sebotol, jajan setoples, karo mendoan 7lembar nggo sangu melek,
sekitar pukul 00:14 darsono mulai merasakan hal hal ganjil, awake gemeter, kemudian darsono melambaikan tangan ke arah kamera. latane rudi kawilarag pun langsung marani darsono karo takon,

rudi: weh weh weh ana apa dar ana apa?..

darsono: ora keh aku wis ora kuat um..

rudi: wis ora kuat berarti koe wis nyerah..

darsono: udu um.. maksude aku wis ora kuat keh pengin nguyuh..

rudi: oo bajingan raimu.. yawis mana nguyuh ndikit gagian..


kemudian darsonopun nguyuh, dan selesai darsono nguyuh acara kembli dilanjutkan.
pukul 02:40 darsono kembali melambaikan tangane maring kamera, dan rudi kawilarangpun marani maning.

rudi: keh koe wis nyerah keh?..

darsono: udu um..

rudi: lah terus nangapa koe kepengin nguyuh maning? su keh melu acara kah malah nyusahi tok mikine ora usah melu koe lah..

darsono: udu um..

rudi: lah terus nangapa?..

darsono: aku pan turu soale ngesuk aku pan dodol srabi ngko mbokan kawanen..


merasa dipermainkan, rudipun akhire jengkel. kemudian rudi mencekik darsono nganti darsono kentekan ambegkan. dan darsonopun tewas kemudian para kru mencoba menggotong mayate darsono tapi ora pada kuat soale awake darsono abot nemen.. abote sekitar 487383758753kintal..
akhire mayate darsonopun digletakna tok dan para kru dan rudi kawilarang langsung lunga ora urusan ora urunan ora due duit.


nah kabare ya arwahe darsono keh penasaran.. hantune darsono mengincar dan mencekik siapa saja pokoke sing ndase botak.. ah,, untung aku ora botak..
waaaaaa........


umpetan umpetan..