jomblo. satu kata berjuta hina, yah jare wong wong sih kaya kuwe..
tapi jare aku yah udu, jomblo kueh adalah makhluk tuhan yang paling asik karna bisa bebas ora ana singatur ngatur.
misale koe nguyuh nang karangane wong yah langka sing nglarang, koe pan njagong nang ngarep mbale desa nganti maghrib yah langka sing nglarang, koe pan mangan apa ora yah langka sing nglarang. wis pokoke bebas nemen lah ya kaya aku kiyeh contohe.
nah ning pacaran kueh beda banget, koe ora bakalan bisa bebas. koe bakal diatur atur dikongkon kongkon, koe kur nggo ketiplakan tok, koe kur nggo gledegan tok..
misale koe niate pan tawu karo batir batire nang kali ajeg ajeg pacare koe marani njaluk dater maring pasar, akhire gelem ora gelem koe kudu nuruti.
nah tapi dadi jomblo ana ora enake juga sih, pacaran juga ana enake juga sih..
ora enake dadi jomblo adalah ning malam minggu, malam minggu adalah malam penyiksaan bagi para jomblo. sementara bagi sing pacaran malam minggu adalah malam yang lebih indah dari malam seribu bulan.
akhire sing jomblopun metungkruk nang pojokan karo nangis nggower nggower..
apa maning angger musim udan, yawis luwih luwih aring nangis ora nggower nggower maning tapi nggawor nggawor..
oiya keh tak contohkna bae poto potone sing mbedakna jombla karo ora jomblo.
1. jomblo ning tekas mangan mesti cangkeme nggabres isine upa, lambene kemlonyor kulah lenga, dong mangan lawuh iwak ayam biasane balunge di dimut terus nganti pirang pirang ndina, tujuane yah menda krasane kaya ambung ambungan. sementara bagi sing ora jomblo, angger kas mangan yah lambene resik, ora ana gabresane.
2. jomblo ning nginung kading botol senenge dikokop, botole di jejel jejelna maring cangkem. tujuane yah menda krasane kaya ambung ambungan karo wong wadon. semen tara bagi sing ora jomblo ning nginung kading botol yah biasa biasa bae ora dikokop tapi di cur alon alon.
3. jomblo ning lagi udud biasane menghayati nemen, lambene muncis muncis kaya brekicot ngambang nang kali, tujuane yah menda krasa kaya ngambung wong wadon. sementara bagi sing ora jomblo, udude ya biasa bae, nyante ora grusah grusuh ora muncis muncis.
yah begitulah perbedaan antara jomblo karo ora jomblo.
sing penting jomblo ora jomblo kudu saling menghormati satu sama lain, aja nyek nyekan. melas.. (soale aku juga jomblo).