Sabtu, 24 November 2012

BRUG SINOL DI DEMO..

BAHAYA... BAHAYA...

iya iya, pancen bener bahaya keh sodara sodara.. aku lagi mumet nemen ndase soale wong wong nang seluruh dunia lagi pada demo maring bloge aku "BRUG SINOL"... waaa.. simaaa.. aku pan umpetan nang longan amben.

oh iya keh aku ngomong temenanan loh, ning ora percaya keh tak dodokna poto potone wong wong sing lagi pada demo maring brug sinol.

keh nang amerika

keh nang mesir

keh nang australia

keh nang arab

keh nang kaligelang

keh nang inggris


keh nang afrika

keh nang indonesia

duh aku wedi nemen.. saiki aku pan ati ati ah ngepost nang brug sinol.. mbokan ana sing ora trima ngko malah aku ditempiling wolak walik di totok anrot di tengkel gulune di gebugi wong sedesa bahkan seduniaaa...

Senin, 12 November 2012

pangeran coro

hari pahlawan jatuh pada tanggal 10 novemer, saiki wis tanggal 12 november. tapi yawis ora papalah wong paling kelewat rong dina beh. saiki aku pan ngepost tentang pahlawan.

pahlawan itu bernama "pangeran coro". mogane arane pangeran coro? keh dadi ceritane kaya kie keh.
pada suatu malam ya, nang njero istana sang pangeran sing umure mbeke 7 taun lagi turu lali nemen.
nah ajeg ajeg teka seekor coro nguyuh nang lambene pangeran, akhire nganti saiki lambene pangeran dadi njebir gara gara di duyuhi coro, dan kemudian sang pangeran dijuluki sebagai pangeran coro.

pangeran coro



usia pangeran coro saiki wis 22 taun, wis kaplak, wis njarot.
pada suatu hari sang pangeran lagi berburu wedus nang tengah alas ketemu karo tentara belanda.
pangeran coro ora wedi, latane pangeran coro marani maring pasukan tentara belanda karo takon.

pangeran: halo mister, koe anuk apa nang kene?..

belanda: hekoeorangsapasihdonge?.

pangeran: aku pangeran.

belanda: opangeranasutelesraimulah.

pangeran: maksude apa kueh, aku ora paham omongane koe su.koe anukapa koe nang kene?

belanda: orausahkakeyenmbacotraimu. akunangkenepannyolongkelapa.

pangeran: o koe landa gebleg mene mene pan nyolong kelapa.. ora, ora olih. soale kieh alase aku, udu alase koe, paham? su.

belanda: oalahsuberartikoengejakperangya?

pangeran: njuh perang aku ora wedi.

belanda: yawis ngesukketemumaning nangkene jamsepuluhesuk.

pangeran: oke sip.

akhire mereka berdua lunga, belanda telah menyatakan perang maring pangeran coro.
dan keesokan harinya dong pan mangkat perang pangeran coro adus ndikit, tekas adus latane pangeran coro nguluruhi kostum perange sing pan dinggo tapi langka, kemudian pangeran coro takon maring dayange,

pangeran: weh dayang, koe weruh kostum perange aku pora?

dayang: oh kostume lagi dikumbah, soale wis klopot jepot nemen sih, wis kalem bae kalem ngko sore beh garing kah ning ana srengenge.

pangeran: srengenge ndasmu! keh masalahe pan tak dinggo saiki keh, saiki aku pan perang karo belanda..

dayange kewedinen, dan kemudian dayange mlayu ngicir ngicir ora mandeng dalan dan akhire dayange tiba nyemplung sumur.

jam 10 esuk, terpaksa pangeran harus perang tanpa kostum alias wuda. iya wuda byar..

pangeran maring njero alas dewekan ora nggawa pasukan. sementara nang njero alas para tentara belanda wis siap siap pan nembak pangeran coro.

pangeran coro kemudian mlayu nggawa bendo karo njerit PERAAAAANGGGG....
kemudian para tentara belanda pada mlayu mundur kocar kacir, ana sing tiba kesandung, ana sing cangkeme metu umpluke,ana sing ndadak pingsan, ana sing kena serangan jantung, ana sing nembak ndase dewek, ana sing matane merem.
diduga para tentara belanda kewedinen karo pangeran coro, solae pangeran coro nggawa bendo. dan selain itu pangeran coro juga wuda byar, manuke gondal gandul.

dan akhire pangeran coro berhasil mengalahkan belanda. horeeeee.. pangeran coro langsung balik maring istana dan wong wong sing nang njero istana pada pingsan kabeh.





pokoke ceritane kaya kue. tentang seorang pangeran coro yang berani melawan tentara belanda dewekan.

pesan moral sing bisa dijukut kading cerita kieh adalah:


1. lindungilah tanah airmu
2. sedia kostum sebelum perang
3. aja nggerap dayang
4. aja mlayu karo wuda
5. ati ati dong turu
6 MERDEKA!


oiya, keh pumpung esih hari pahlawan ya walopun kelewat rong dina apaha ora papa. aku pan ngoplod potone aku nggawa bendera merah putih.

pan perang karo belanda

numpak jaran

wudele ketlujub

keleke njlegabed

berkibarlah merah putihku

Minggu, 04 November 2012

urip nang njagate ngewong (dong lagi meriyang)

kaya kie rasane urip nang njagate ngewong. pengin apa bae kayong kangelan.
apa maning ning awak lagi mriyang, pengine diladeni karo simane tapi lah pan keprimen maning.
periksa kudu mangkat dewek, tuku obat kudu mangkat dewek, mangan yah mangan dewek, ngliwet yah ngliwet dewek. duh kayonge ya keprimen yah hawane kayong nang ndas bengekl nemen.. wis awak mriyang sing kudune istirahat malah yag yig ora nggenah.

ya kaya kie nasibe dadi wong perantauan, luruh duit beh nganti lunga adoh adoh. tapi ya pancen nasibe wis kaya kie yawislah gari nrima bae, ora usah kakeyen nglalu, ora usah aleman. dadi wong kueh kudu kendel, kudu waninan, pokoke kudu bisa urip mandiri.

tapi urip nang njagate ngewong alias perantauan juga ana enake.
wong wong ora pada ngerti koe, nah inilah kesempatan untuk menjadi dirimu yang baru.
dirimu yang baru sing luwih apik kading miyen.
misale nang kampung koe senenge dipoyoki "kampleng" gara garane koe miyen dong cilik pancen awake kampleng alias gering taunen. tapi nang kene (nang njagate ngewong) ora ana sing ngerti koe kueh asline miyen awake kerempeng.

yah kaya kue lah pokoke, sory sory bae ya ning nang postingan kieh langka lucu lucune acan acan soale aku pancen lagi mriyang.. awake ora penak nemen yakin.. yawis ngko kapan kapan bae aku ngelucune maning ya..

duh ning lagi mriyang kaya kie aku pengin didulang maudy ayunda..

pengin di nina boboin afika..

pengin di batiri yuyun..




yawislah ning langka sing gelem aku pan bunuh diri bae...
eh tapi sedurunge aku bunuh diri aku pan bunuh penyakit kiyeh ndikit.. heeeeeeeee...