Jumat, 18 Januari 2013

brug sinol ulang taun

yeaaah.. happy birthday brug sinol.. ora krasa ajeg ajeg wis setahun aku ngeblog, hehe ora krasa juga brug sinol umure wis setahun. hmm.. akeh kejadian kejadian sing tak tulis nang blog kieh selama setahun, ana sing curhat, pak pok, cerita ora nggenah, tapi sing paling akeh ya kur nyampah tok.
asline sih maksude aku nggawe blog brug sinol kieh kur nggo penghibur awake dewek, tapi ya selot suwe malah selot akeh sing ndeleng bloge aku. yah akhire mereka pun ikut tertular virus ngapak brug sinol.
dan sebagai kado ulang tahune blog brugsinol, keh aku nggawe video spesial walaupun nggak pake telor.
video spesial untuk brug sinol. happy birthday brug sinol.. 


dan para bintang bintang blog brug sinol pun turut mengucapkan selamat ulang tahun untuk brug sinol.
maudy ayunda

afika

mario teguh

adam suseno & raul lemos

oma irama

siluman ultraman



dan yang terakhir adalah..
mamah dedeh



yap, sekian dan terima kasih. heppppiiihhh bestdeyyyy brrruuuuggg ssiiiinnoolll...

Minggu, 13 Januari 2013

maudy ayunda

assalamualaikum warohmatullahiwabarokhatu...

keprimen kabare sodara sodara sekalian? esih waras kan? urung edan kan? yawis keh saiki aku pan curhat.

aduh.. aku pan cerita tapi isin.. pan tak ceritakna apa ora yah?.. ceritakna apa ora yah?.. yawislah tak ceritakna bae dari pada tak pendem nang jero ati yah percuma langka gunane, mending tak ceritakna bae ah men atine madan bombong setitik.

keh dadi ceritane kaya kiye keh aja diguyu ya.. keh dadi ya aku kieh lagi nge fans nemen karo artis sing arane maudy ayunda. pertama aku ngerti maudy ayunda dong aku ora sengaja ngluruh ngluruh gambar nang google nganggo kata kunci "perahu kertas" dan secara tidak sengaja entah mungkin Tuhan yang ingin mempertemukanku dengan bidadari surga atau apa, tapi sing jelas aku bener bener kaget. aku weruh poto wong wadon ayuuuuuuuu nemen yakinlah sumpah aku ora nggoroi, tolih nggo ngapa aku nggoroi koe sih, langka gunane beh. okelah saiki dari pada umpres dewekan mending lanjutna bae ya ceritane.
nah pada saat itu atau basa gaule 'dong pas kuweh', aku langsung jatuh cinta sodara sodara.. aaaaahh... aku langsung luruh luruh info selengkape tentang maudy ayunda dan ternyata ya jebule aku karo maudy ayunda keh nduwe persamaan dan perbedaan..

eng ing eng.. ciluuuk... ba!
keh pertama tak tulisna ndikit persamaan persamaane aku karo maudy ayunda sing nggawe aku semakin yakin bahwa maudy ayunda adalah calon istri masa depane aku.

1. maudy ayunda jebule seneng nembang karo dolanan gitar dan pianone maer nemen.. nah aku ya walaupun jare wong wong suarane aku kaya suara babi ngesot tapi tetep apik dirongokna (nang kupinge dewek) dan aku pancen dolalan gitare kurang maer, paling ngerti kur kunci A, Aminor, C, G, F, Eminor. tapi ning dolanan icik icik aku yah maer.

2. maudy ayunda ayu dan aku ngganteng (pokoke percaya ora percaya kudu percaya).

3. maudy ayunda senenge guya guyu bae alias murah senyum, nah aku juga murah senyum, contohe dong ngising bisanekah wong wong pada ngeden tapi aku malah nyengir..

4. aku karo maudy ayunda pada bae ora seneng lemut. (kabeh wong yah ora seneng lemut gobel).

nah keh giliran perbedaane aku karo maudy ayunda sing sebenere sih ya ora usah diributi be ora papa asline kah.

1. maudy ayunda pinter, aku goblog. (aja ngguyu koe bangset)

2. maudy ayunda bisa basa inggris, aku boro boro.. wong basa indonesia beh esih klagepan kah.. (aja ngguyu..)

3. maudy ayunda nduwe mobil sing didarani klum, nah berubung aku ora nduwe mobil, tapi aku nduwe pit jengki sing tak darani belalang tempur (sing penting nduwe).

4. maudy ayunda bintang zodiake sagitarius dan aku bintang zodiake gemini, tapi jare mamah dedeh cowok gemini itu cocoknya sama cewek sagitarius.


nah begitulah ceritane sodara sodara. pokoke apik ora apik sing penting atine aku wis madan bombong setitik rongtitik telungtitik patangtitik. dan semoga maudy ayunda bener bener jodohe aku ya Allah ning udu jodohe ya pokoke gelem ora gelem kudu jodohna dari pada aku mati bunuh diri anjrot kading wit gedang sing duwure rong meter. (doa yang mengancam).

tapi yawislah ning ora jodoh ya ora papa ding, lagian aku keh sapa sih?.. aku wong ndesa sing pekok, denggong, mlarat, ora nduwe apa apa aduh aku pan nangis ndikit lah..




nah wis nangise. yah mungkin aku adalah satu dari juta'an fans maudy ayunda sing tergila gila dengan kecantikane dan kecerdasane tapi ya wong arane beh berharap ya ora papa rah ndean?
yawis kaya kue bae ya aja kaya roti.

wassalam...

bar nulis kiyeh aku langsung manjing maring kamar mandi adus karo nangis, samponan karo nangis, sikatan karo nangis, sabunan karo nangis.