Senin, 17 September 2012

resident evil retribution

hooooweee!!!!!!!!!!!! rame nemen rame nemen yakinlah sumpah aku ora nggoroi bangset!!..
iya iya wis nyante aring maca nyante bae ya nyante..

keh dadi ya wingi aku tekas maring bioskop ndeleng pilm resident evil retribution. pilme rame nemen, ora sia sia aku mbayar limalasewu.. dadi ceritane alice karo ada wong (sing ayu nemen) kiyeh lakone, alice karo ada wong gelud karo zombie alias mayat hidup. wis pokoke rame nemen lah kampret koe ning pengin ngerti ceritane gari ndeleng dewek lah menda ngerti.

oiya setelah aku nonton pilm kueh, aku dadi ndue ide. aku ndue ide wong wong atau tokoh tokoh atau pemain pemain sing nang pilm resident evil kueh pan tak gawe komik.. nyiehehehe.. komike aku ya berarti ceritane sekarep karepe aku.. nyiahahaha......


okeh keh sing pertama.
pada dolanan tembakan




keh sing keloro ada wong ngomong dewek jare aku ngganteng nemen.. dan ada wong naksir maring aku.
ketika iman diuji

nah sing ketelu keh dong ada wong lagi diculik karo bajingan bajingane
bajingane kaya asu






nah sing kepapat dong alice lagi ngluruhi sumur ora ketemu temu, sementara ada wong malah sibuk mikiri aku bae, wehehe..
ouw.. cocuit..




keh sing kelima aring maca sing ana nomer 1 ne ndikit ya.. ngko nomer 2, 3, dan 4.
sima.. aku ditembak..




yawis kaya kue bae ya,, sing jelas cerita sing nang pilm karo cerita sing tak gawe komik kiyeh jelas beda adoh. ya ning koe pengin ngerti gari ndeleng dewek..

Sabtu, 15 September 2012

idiot

okeh dadi keh ceritane tentang si idiot, nah si idiot kieh seneng karo wong wadon batire dewek arane ayunda, tapi ayunda ora seneng karo si idiot. si idiot bingung, akhire si idiot njaluk bantuan karo batire sing juga batire ayunda sebut saja arti, pokoke kon kepriwe carane arti kudu bisa men ayunda bisa seneng maring si idiot. nah ternyata batire ayunda sing arane iis seneng karo si idiot, si idiot pun asline nduwe rasa tapi yah pan kepriwe maning, si idiot luwih seneng karo ayunda. tapi si arti menyarankan jare ning wong ora seneng ora usah dikejar kejar, mending sing seneng karo seneng menda penak.
si idiot akhire sadar, akhire si idiotpun mulai pdkt maring iis. iis ngaku maring si idiot esih jomblowati, si idiot makin semangat pdkt ne, tapi nang pertengahan pdkt, iis akhire ngaku bahwa iis asline wis nduwe pacar.. iis mbodoni si idiot menda si idiot ora ngejar ngejar ayunda maning.

si idiot atine lara ora karu karuan, bayangna bae larane kayangapa ning dibodoni wong wadon, yah kaya di bakar urip urip rasane lah. di saat si idiot lagi rapuh rapuhe gara gara ngejar ngejar cintane ayunda ora entuk entuk ditambah di bodoni wong wadon, ajeg ajeg si arti marani. si arti asline seneng maring si idiot, tapi si idiot ngerti bahwa batire sing arane ari seneng nemen karo si arti, si idiot ora gelem nyakiti atine batire, mending si idiot sing lara.

nah barang kaya kue si idiot esih berusaha maning ngejar cintane ayunda meskipun harus jatuh bangun.
si arti asline melas ndelengna si idiot sing cintane ora dibales bales karo ayunda. tapi si arti juga ngerti dewek bahwa aku ora mungkin pacaran karo kaeh (arti) soale aku ora bakal nggawe atine batire aku (ari) lara .

yah kaya kue ceritane tentang si idiot sing melasna.


apa mangsane kieh


nah dadi kaya kue ceritane, oiya ning koe ora ngerti kiyeh cerita apa ya wajar, wong aku beh ora ngerti kiyeh lagi nyerita apa. hehe..

aku (pernah) alay

alay adalah saat dimana metabolisme tubuh melonjak dan memanas, hal ini ditandai dengan adanya gempa tehtonik dan gempa vulkanik dari dalam diri manusia dan menjalar keseluruh tubuh melalui aliran darah dan berubah menjadi hormon testosteron yang sewaktu waktu dapat meledak bila terkena paparan sinar uv A dan uv B.

ngerti pora maksude? ning ora ngerti berarti koe esih waras.

nah ngomong ngomong soal alay.. aku keh sebenere ya pernah alay. jujur bae ya.. aku pernah alay dong umur 16taun yah sekitaran taun 2010an lah nganti saiki.
ciri cirine alay adalah ning nulis nganggone huruf dicampur karo angka, misale tulisan kaya kie keh,

normal: "kamu lagi ngapain?"

alay: "qMuH 4g1 p41N??..

nah nggawe lara ndas tok rah ya tulisan alay.. ana maning ciri cirine alay adalah gaya atauwa style (baca: setail) nah keh contohe style le aku dong esih jaman jaman alay..

1. sing pertama rambut alay plontos kaya pentol korek
kiyeh aku apa raul lemos?

2. nah sing keloro rambut alay gaya buntut jaran
rambute kena go nutupi rai


3. sing ketelu rambut alay gaya botak sebelah
lagi suker mikiri utang


4. nah sing kepapat rambut alay gaya tembelek lancung.
kena nggo nyapu jogan


5. sing kelima keh sing paling parah... aku beh isin dewek asline tapi ya wislah tak oplod bae men koe weruh
njejeni nemen sumpah


yawis kaya kue bae ceritane dong aku esih alay, masa masa alay pancen semrawut kaya nang pasar malem, tapi yah pan kepriwe maning wong dasare pancen kaya kue udu kaya roti. alay adalah proses pendewasaan diri, tapi ya ana juga sing wis kaki kaki tapi esih tetep alay. ya wong arane beh wong urip menlah men sekarepe dewek pan apa abe. sing penting aku wis ora alay maning yes yes yes,,,



Uw1z Nd1K1t Yu4Ch.. C3mUn9Ud eAaAa......

Selasa, 11 September 2012

fc barcelona

jrengjreng jreng... saiki waktune ngomik..

oiya keh saiki aku pan ngomik tentang para pemain fc barcelona, soale aku seneng nemen karo fc barcelona. langsung bae keh sing pertama..

messi njaluk dimban
nah keh sing ke loro.
wasit ora gelem damai
keh sing ketelu.
pamer kaos
sing kepapat.
rayahan bal
dan sing kelima.
iniesta belet ngising
dan ke enem
valdes narsis

dan kepitu.
valdes karo hap






wis semono bae ya aja akeh akeh ngko koe kesenengen.. :p

Minggu, 09 September 2012

tragedi tembelek lancung


dear diare.. eh maksude dear diary..
aku pan cerita apik nemen tapi ngko ndikit ya, aku pan ngising ndikit. Hob ndikit macane hob..
Heh! Domongi hob hob kah malah esih diwaca bae.. Weh ya domongi wong tua angel nemen raimu bangset njaluk tak gejog gejog apa sih..
Yawislah ngisinge tak tahan ndikit keh mbokan koe wis pada ora sabar pengen maca ceritane aku sing apik nemen kaya cerita aladin tapi ceritane aku esih apik setitik.
keh mula mula ya.. Dong aku lagi mlaku pan maring warteg tuku jangan nggo lawuh, aku keh kan aring mlaku oglang oglong banter nemen kaya jaran kepengin kawin, nah pas kueh aku ora weruh nang ngarepe aku kueh ana tembelek lancung sing mambune baseng nemen..
Mambune breng brengan ora karuan nggawe cungure uwong langsung mangslep menjero ning ngambung.
Nah tembelek lancung kueh malah tak dincot alias tak pedeg, crut ces ces ces.. Rasane adem njimbrang kaya tekas ngencot es salju nang gurun sahara, maklum soale aku lagi nyeker ora nganggo sendal dadine yah krasa gemejos nemen.
Aku sih pertamane urung ngerti kiyeh aku ngencot apa yah? Ganing kah rasa rasane kayong gemejos tapi mambu baseng.. Barang aku niliki sikile aku, WAAAA!!!! aku langsung njerit seru nemen kaya mercon singa sing regane sewu mangatus loro.
Aku kaget nemen jebule aku ngencot tembelek, latane sikile aku langsung tak lap nganggo godong pelem tapi esih mambu.. Akhire sikile aku tak kumbah nang banyu got menda resik. Eh malah jebule esih mambu bangset kah..
Pada saat itu aku wis putus asa nemen, urip kayong nelangsani nemen gara gara tembelek lancung, aku asline pan bunuh diri nginung banyu got, tapike ajeg ajeg ana ibu ibu marani aku takon kaya kie: um sampean nang apa ganing nangis kaya kueh? Kas diputusna pacare yah?.
Asline pengin tak jawab: asu bangset raimu aku keh ora nduwe pacar tolih ora usah takon takon asu keh aku lagi galau kieh gara gara tembelek lancung..
Tapike yah ora mungkin tak jawab kaya kue ra yah wong karo wong tua mbokan ora sopan ngko aku malah ditempiling wolak walik.
Akhire tak jawab bae kaya kie keh diwaca keh: eh ora papa bu, kieh matane aku kelilipen tembelek lancung eh maksude kelilipen awu..
Ibu ibu kueh langsung mbales dengan nada lembut selembut bulu dadane rido roma: oh kelilipen, ya wis keh tak ngai teko cilik ya..
Tekas ngai teko cilik Latane ibu ibune langsung mlayu banter nemen kaya brekicot lagi numpak roket.
aku esih bingung ganinge kah aku malah dingai teko cilik keh maksude apa yah? Nggo nggawe wedang teh yah kayong keciliken.
Akhire ora sengaja tekone tak elus elus ajeg ajeg metu kukuse kemebul nemen kaya kukus knalpot motore mandra ged. matane aku pega alias perih nemen kena kukus, nah pas matane aku lagi kepeganen ajeg ajeg nang ngarepe aku ana wong cring..
Aku kageten latane wong kueh langsung tak dupak nganti mencolot tiba njagong.
Wong kueh jengkelen, latane ngomong maring aku karo nduak nduak: bajingan raimu aku keh jin keh.. Apa? Jin.. Apa? Jin.. Sepisan maning ah men katon keren. Apa? Jin.. Wong jin kah malah didupak dupak sekarepe dewek keh maksude apa? Njaluk tak sulap raine koe men dadi kaya raul lemos apa?!.
Aku melongo kaya jabayi mbeke lair, aku meneng mbae karo ngomong nang njero ati 'aku sing ora ngerti apa apa ajeg ajeg kah ketemu karo jin, wis jine bosok leok, nganggo kaose gambar teletabis, sarunge bolong bolong kaya bekas kebakar obat nyamuk, blangkone miring, sepatune sepatu jengklik. Duh nasib basib keh ngimpi apa aku mbengi keh..' Disaat aku lagi bingung ora karuan, Jine ajeg ajeg ngomong: yawis ora usah klegad kleged keh koe tak ngai 1 permintaan cepetan pan njaluk apa bae tak kabulna.
Aku bingung aku pan njaluk apa yah..? Asline sih akeh nemen permintaane aku.

1.pengin ngganteng kaya donny alamsyah
2.pengin sugih kaya aburizal bakrie.
3.pengen nduwe pacar sing ayu nemen kaya maudy ayunda.
4.aku Pengin mangan enak nang restoran bintang sanga.
5. Aku pengin ngilangna mambu tembelek nang sikile aku.

Tapike aku malah dingaine satu permintaan tok sih kepriwe maning yah..
Aku kudu milih salah siji kieh, tapi bingung pan milih sing endi yah..
Jine kebingungen ndelengna aku lagi mikir, saking ora sabare jine nggerap aku: WEH CEPETAN KEH AKU WIS BELET NGUYUH AWIT MAU MIKIR BEH KESUWEN..
Aku langsung kewedinen, awake aku ndlegdeg, Akhire aku milih pilihan sing ke 5 aku pengin ngilangna mambu tembelek sing nang sikile aku.
Dengan cepat jine langsung maca mantra hongmalihong raimu kaya silit bangkong.. Dan criiiing... Sikile aku wis ora mambu maning,,
hore.. Yes yes yes.. Kemudian jine karo tekone langsung ngilang mbuh maring ndi.
Tapi ya wislah aku saiki wis bangga sikile aku wis ora mambu tembelek lancung maning..
Ihihi,,
ora mikiri raine aku ora ngganteng kaya donny alamsyah, ora mikiri aku ora nduwe pacar sing ayu nemen kaya maudy ayunda, ora mikiri aku ora sugih kaya aburizal bakrie, ora mikii aku ora bisa mangan enak nang restoran bintang sanga, singpenting sikile aku wis ora mambu tembelek lancung... Yihauuuw... Pesan moral: syukurilah hidup apa adanya biarpun tampang pas pasan, jomblo, dan hidup susah, sing penting tetap bersyukur karna sikile wis ora mambu tembelek lancung.

Sekian dan terima gaji eh maksude terima kasih.
wong ndesa

Sabtu, 01 September 2012

cerita tengah malam

tengah wengi sekitar jam setengah rolasan, aku lagi turu enak enak ajeg ajeg nglilir gara garane wetenge aku moni kruyuk kruyuk alias kengelihen.. akhire tanpa pikir panjang aku pun langsung tangi jenggelek luruh lawuh, aku bingung tenga wengi kaya kie pan tuku apa yah? akhire sikile aku pun menuju kesebuah warung untuk membeli sarimi isi dua, nah tekas tuku sarimi isi dua, aku langsung balik mlayu ngencleng banter nemen kaya jaran kebelet nguyuh.
sesampainya dirumah, aku maring dapur langsung njukut panci madai banyu kemudian nyuled kompor "ceklek.." kaya kue monine. nah dong banyune umeb, sarimi isi duane langsung tak lebokna "plung..blusuk,blusuk" kaya kue monine.
karo ngenteni sarimi isi duane mateng, aku nyueki bumbu nang mangkok beling sing gambar ayam jago lagi nembelek.
setelah sarimi isi duane mateng, langsung tak lebokna maring mangkok sing wis ana bumbune, nah jadilah SARMI ISI DUA RASA CINTA DAN KASIH SAYANG YANG TAK TERSAMPAIKAN.
loh ganing ceritane ora rame nemen ya..? ya wis keh ramene dong tekas aku mangan sarimi isi dua dengan penuh rasa nista, wetenge aku kayong muter muter, wudele mod mod kaya cangkem iwak lohan. aahhkk... aku wis ora kuat nemen jebule cacing cacing sing nang njero wetenge aku lagi pada demo ora terima aku mangan sarimi isi dua soale aku esih dewekan alias jomblo.
akhire dengan terpaksa aku mlayu maring sumur ngising, uwah.. metune encer nemen kaya duduh jangan lodeh. aja dibayangna ya.. ngko koe ora kolu mangan.. nah ternyata cacing cacing nang njero wetenge aku esih pada demo menuntut agar aku mangan sing enak enak, soale awit wingi aku mangane gorengan bodin, remukan intip, sega kecap, karo jangan lengguk mambu. dadine cacing cacing sing nang njero wetenge aku ngamuk.
aku bingung, akhire aku pun maring warung maning tuku ndog karo sosis terus tak goreng. wis lah certane kaya kue bae.

oiya barang aku tekas mangan ndog karo sosis wetenge aku esih tetep bae mules, akhire wetenge aku tak taleni nganggo rapia kenceng nemen men cacing cacinge ora bisa bergerak. huwahahaha.... aku pun menang.


selebrasi kemenangan