Sabtu, 24 Maret 2012

demo BBM naik.. (aku dadi kelingan MAMA DEDEH)

Nang ndi ndi isine demo demo dan demo.
Ya saiki lagi pada usum demo, demo menolak kenaikan harga BBM alias bahan bakar minyak udu blackbarry massenger.
Mesti dong aku nyetel tipi ana berita mahasiswa demo menolak kenaikan harga BBM yang berujung ricuh dan menelan korban luka atau koreng.

Nah tapi ya ngomong ngomong tentang BBM dan ngomong ngomong tentang demo, sebenere aku kieh lagi menganalisa loh, iya nyong meneng meneng kaya kie paha ora kur meneng tok, kadang yah mikir, kadang ngising nang sual ora konangan.

Yawis keh pokoke serius bae keya aja gluwean soale menyangkut nama bangsa indonesia udu menyangkut layangan.

Oke dadi dampak dari kenaikan harga bbm kieh bisa memicu kenaikan harga harga liyane loh, contone barang barang sing kaya kie keh: beras, ndog, janganan nang warteg, bh alias entrok, sempak, obat obatan, udud, sendal, dan pokoke akeh lah ya ning tak sebutna kabeh malah jentike nyong peklak ngko.

Nah jebule ya, dampak dari kenaikan harga bbm bukan hanya membuat naik barang barang tok loh.. Jebule ana sing luih bahaya dari dampak kenaikan harga bbm kaya "ROK MINI" iya kueh masalah terbesare pokoke ya.
Koe pada ngerti sing arane rok mini kan? Ning ora ngerti berarti koe kakeyen urip nang arab.
Rok mini kue kan bentuke wis cilik, mini, pokoke kaya kue lah ya.
Nah menurut logikane enyong ya, dengan naiknya harga bbm di kawatirkan rok mini juga ikut naik..
Rok mini kue kan wis bentuke seduwur kempol, e malah pan di naikna maning ya malah ngko dadine katon wagu yah,, malah ngko bentuke dadi luwih cilik kading cawet ra ya? Iya ra ndean?.
Dan kata mama dedeh ya rok mini yang terlalu mini bisa menyebabkan tindak kejahatan sesual udu seksual. Iya iya soale nyong angger esuk ning nyetel tipi mesti ndelenge mama dedeh nang indosiar karo antv. Dadine nyong yah wis ngerti banget lah karo sing arane mama dedeh.
mama dedeh lagi ngelih


Nah mogane kueh ayo sekarang kita demo menolak kenaikan harga bbm ramai ramai di depan rumah pak RT.
Ayoo!!!!
Aja kelalen nggawa gembes sing akeh soale ngko mbokan lurahe teka ngai lenga, kan lumayan kena nggo nyuled damar apa nggo isi isi kompor.

Oke wis lah ceitane kaya kue bae nyong pan demo ndikit.

Eh tapi gembese aku sing warna abang nang ndi yah? Ganing ilang.. Lah,, yawis lah nganggo gendul apaha

Senin, 12 Maret 2012

asu return (raul lemos)

wis suwe kieh aku ora asu asunan maning.
lagi rajin um

saiki berubung aku lagi puyeng ndase mending asu asunan maning ya.. iya pora? iya pora?!
iya bae wis koe dari pada tak sodor nganggo peli gantar.

okelah saiki langsung maring inti ceritane bae ya.
pada suatu hari hidup seorang pedagang lumpia bernama raul lemos, raul lemos kieh wonge ngganteng tapi raine amba keh deleng bae sih potone keh
sangar nemen yakin

ya kueh wonge raine pancen katon amba tapi dadi idola ibu ibu langganan lumpiane.
raul lemos biasa dagang lumpia ider alias keliling maring ndi ndi bae bahkan pernah nganti maring irian jaya :o
nah pas dina senen esuk esuk raul lemos dagang seperti biasane, nembe ider ana rong meter eh ibu ibu sedesa langsung pada metu ngoyok raul lemos sing lagi mikul dagangane.
raul lemos klabakan soale ibu ibunearing tuku lumpia kabongan nemen, watane dong lagi sibuk sibuke ngelayani ajeg ajeg teka wong wadon ayu bernama iis yanti alias kerisdayanti.
lagi beled ngising
kerisdayanti kieh jebule naksir berat karo raul lemos,
watane kerisdayanti marani maring raul lemos dan menyatakan perasaan nya alias nembak.
barang kas nembak jebule tembakane kerisdayanti ditolak mentah mentah karo raul lemos, :o
kerisdayanti watane jengkelen, watane kerisdayanti balik maring ngumah njukut bendo karo arit nggo mbacok raul lemos.
watane kerisdayanti mbacok raul lemos kading mburi. raul lemos ora weruh soale lagin nggorengi lumpia karo ngelayani ibu ibu sedesa sih.
barang kaya kue raul lemos langsung mati.
ibu ibu sedesa ora terima dengan kematian raul lemos dan kemudian ibu ibune demo nang ngarep gedung DPR menuntut keadilan.
barang wis kaya kue kerisdayantipun akhirnya dihukum penjara selama 980 tahun.
nah dong pas kerisdayanti lagi turu glelengan nang obin njero penjara ajeg ajeg kerisdayanti kayong krasa ana sing ngemek ngemek kempole, latane kerisdayanti nglilir tangi dan weruh jebule kueh hantune raul lemos :o
kerisdayanti kaget ora karuan watane kerisdayanti langsung nggebuk hantune raul lemos ngganggo balokan kayu. akhire raul lemos pun mati untuk kedua kalinya dan hukuman kerisdayanti pun ditambah menjadi 1670 tahun.

wis kaya kue bae ceritane. asu asune ganing langka? ya nyong kelalen hehe.. wis lah aja pada protes koe.

siluman ultraman vs anak ayame rawudi

pada suatu ketika nang desa bernama desa maju mundur pokoke manjur hidup seorang peternak ayam babon bernama rawudi.
Rawudi wis dadi peternak ayam babon awit umur 6 taun olih warisan kading sidene sing juga ora lain ora bukan adalah juragan ndog lehor.
Nah dong pertamane rawudi di ngai warisan ndog ayam lehor siji kading sidene, latane ndog kueh di angkremi karo rawudi nganti 11wulan akhire ndoge mletek alias pecah.
Nah barang ndoge pecah dadi pitik latane pitike didingu karo rawudi nganti gede. Barang wis gede ayame di kawinake karo sapine tanggane, barang wis di kawinake latane bengi bengine ayame langsung ngendog. Ndoge gede nemen kaya ndog dinosarus. Nah singkat cerita latane ndog kueh akhire pecah, terus dadi pitik. Pitike bentuke ora umum pokoke lah. Awake gede, ndase ana sungune, buntute dawa, sikile pitu, suwiwine telu.
Nah barang kaya kue ya ana siluman sing lagi pengin mangan ayam. Siluman kueh adalah siluman ultraman, siluman ultramen lagi nggrantang soale wis rong taun ora mangan daging.
Pas bengi bengi sekitaran jam setengah loro siluman ultraman niate pan mangan anak ayame rawudi sing bentuke ora umum. Barang wis anjog nang kandang ayame ajeg ajeg anak ayame rawudi nglilir tangi langsung kaget weruh siluman ultraman lagi undak unduk kaya pan nginggeng wong adus. Latane anak ayame rawudi langsung marani maring siluman ultraman ngomong kaya kie : he koe pan apa um ganing kah mlakune undak unduk kaya wong kas nginggeng wong adus?
Latane siluman ultramane njawab kaya kie : iya keh aku lagi nggrantang pengin mangan daging um,,
Latane dijawab maning karo anak ayame rawudi kaya kie : oo,, berarti koe mene mene pan mangan aku ya man ultraman?,, oo bajingan koe man niate pancen nantang singgel koe man ya, njuh singgel karo aku kene keh..

Utraman pun akhire singgel karo anak ayame rawudi, ultraman ngetok ngetokna jurus jurus andalane tapi tetep ora mempan, soale awake anak ayame rawudi seter nemen sih. Nah barang wis kaya kue anak ayame rawudi langsung nyerang balik maring siluman ultraman nganggo jurus TEMA alias TEmbelek MAut. ultraman langsung klabakan ora karuan soale awake kedurugan tembelek nganti 78 ton.
Akhire siluman ultraman pun mati mengenaskan.

Wis ceritane kaya ku bae ya, aku pan ngising ndikit.
rame nemen

Minggu, 04 Maret 2012

love is you

aku pan pamer pidio aku pan pamer pidio aku pan pamer pidiooooooooo!!!!...
keh apik nemen pidione.. asline lagune cherrybelle tapi tak cover ulang maning
kieh sing asline

keh sing tak cover ulang
apik nemen ra ya..

hahahuhuhihi (ASU Adam SUseno)

aja pada nggrael
judul postingane beh hahahuhuhihi berarti ya isine kur hahahuhuhihi tok rah?..
Ya ora, walopun judul postingane
hahahuhuhihi tapi isi postingane ya tetep.. (tetep sampah).
Okelah saiki dari pada mbahas judul postingan sing ora penting mending langsung cerita bae.
Ceritane kaya kie keh.. Pada zaman dahulu kala dong aku esih umur 70 detik. Ada seorang preman yang bernama ASU alias Adam SUseno.
Adam suseno ini adalah seorang preman pasar pagi pemalang yang suka mangkal dan bergaul bareng banci banci salon.
Pada suatu hariiiii ana ibu ibu lagi maring pasar repan tuku lenga rong nggendul ajeg ajeg di cegat karo adam suseno.
Adam : yu sampean pan maring ndi deneng nggawa nggawa gendul?

Ibu ibu: wis ngerti nggawa gendul yah berarti nyong pan tuku lenga yah.. Lakoe si keprimen koe uteke bodo temen si lah..

Adam: asu kieh nyong niate miki takon tok beh malah sampean njawabe kayakue ya.. Karepe sampean kieh nantang singgel apa he? Njuh singgel kene angger wani yuh..

Ibu ibu : o koe mbajor koe karo wong tua kaya kue ya.. Wong tua komalah ditantang singgel koe ndue utek apa ora sih donge he? Njaluk tak tempiling apa koe he?

Adam: wis ora usah kakeyen umpres sampeyan njuh singgel kene langsung..

Kemudian adam pun singgel karo ibu ibu sing nggawa gendul.. Dan ternyata ya sodara sodara.. Ibu ibu kueh jebule siluman wedus.. Iya siluman wedus..
Latane adam kaget karo njerit ora karukaruan nganti telake jebol..
Barang kaya kue ya adam langsung mati dan mayide dikubur nang ngisor uwit jambu klutuk.
Dan kabare hantue adam siki dadi penunggu pohon jambu klutuk.

Pesan moral:
1. Aja mbajor karo wong tua
2. Aja bergaul karo banci salon
3. Aja nantang nantang singgel karo ibu ibu
4. Jadilah preman yang bermartabat.

Wis kaya kue baeya ceritane..
Sekian dan terima gaji, eh maksude terima kasih..

samidi & putri duyung

he mulai saiki mulai dina kieh aku pan cerita hororrr... apa? hororrr... sepisan maning ah men katon medeni hororrr...
baaaaa..
okelah langsung maring inti ceritane bae ya..
dadi ceritane kaya kie keh.
pada suatu hari hidup seorang pemuda bernama samidi umure mbeke 18 taun, wonge sih ngganteng tapi ireng kaya kie keh wonge keh..
samidi
sore sore sekitaran jam 15:00 samidi repan mancing nang kali dong lagi mancing ajeg ajeg pancingane samidi deded, ha!! apakah kali ini samidi repan olih iwak sodara sodara!! mari kita deleng bae..
pas pancingane samidi deded eh malah dong ditarik jebule udu iwak tapi entrok..
samidi latane jengkel ora karuan nganti anjrot anjrotan ora nggenah.
nah lagi anjrot anjrotan ora nggenah ajeg ajeg ana prumbusan gede nemen nang tengah kali terus nyumul ndas,, eh oh ah jebule kueh putri duyung.. putri duyunge ayu tapi lagi jengkel ora karuan soale entroke sing lagi dinggo malah keseret pancingane samidi.
watane putri duyunge marani maring ngarepe samidi karo ngomong " um sampean primen sih.. wong entrok lagi dinggo kah malah di tarik tarik ora nggenah maksude apa kieh um heh!..
samidi kewedinen, awake pating ndlegdeg ora karuan.. watane samidi ngomong kaya kie " i,i,iya yung nyong minta ma'ap yung.. nyong ora sengaja miki jawane mbokan olih iwak malah olihe entrok bosok kaya kie yung..
latane putri duyunge njawab " wis ora usah kakeyen cangkem sampean um, siki niate sampean njaluk tak tempiling apa tak dambung..
samidi ya jelas milihe njaluk didambung yah..
latane putri duyunge langsung nyikep samidi karo manyungna lambene eh dong pas kaya kue,, jebule putri duyunge sing miki katon ayu malah berubah dadi kaya mpok nori,,, hiiiiiiiiiiiii medeni nemen ya,,,
samidi wis disikep ora bisa ngapa ngapa.. watane samidi didambung karo putri duyunge nganti 6 taun ora ucul ucul..


wis kaya kue bae ya ceritane,, aku wis wedi nemen kieh.... hiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiii,,,,,, crut crut