Minggu, 27 Mei 2012

iklan oreo kaya afika

maning maning ora awan ora bengi pokoke aku lagi kesengsem nemen karo bocah sing arane afika.
iya, soale bocahe imut nemen ndadekna gemes pengine nyiwiti bae.
asline ya ning gelem afika pan tak tembak alias tak dadekna bojo pacar.. tapike esih cilik aku ora tega sung.
tapi ya wislah pan kepriwe maning wong dasare pancen kaya kue. yawis ora papa keh sing penting aku ora gelem kalah karo afika. aku juga bisa nggawe iklan oreo kaya afika. keh deleng bae sih keh.
weh ya apik nemen ya.. ora kalah karo iklan oreone afika.
tapi ya tetep bae ding raine afika esih luwih imut dari pada raine aku rai desa.
wis ah kaya kue bae, aku karo pan ngoplod poto potone afika ah nggo tamba tamba kangen.
afika lagi ngadeg
afika lagi sanggawang mikiri aku
afika lagi manyun kas mangan lotek
afika lagi nglegeg keselen
afika lagi mangan martabak india
afika imut nemen
afika anggeranuk onggrongan
afika nggaya
wis semono bae aja akeh akeh ngko koe senengen.

Jumat, 25 Mei 2012

afika

aku pan ngomik iklan oreone afika.. ning koe urung ngerti keh deleng ndikit pidione keh.
 
 afika
nah keh sing tak cover tak gawe versi komik afika featuring bintang bintang brug sinol
keh sing karo siluman ultraman
kadal rasa jaruk
keh sing karo adam suseno
adam suseno gagal merayu afika
keh dong karo raul lemos
raul lemos dicukein
keh dong karo mama dedeh
 
dan mama dedehpun galau  :"(
dan afika mengucapkan salam
thanks afika

Rabu, 23 Mei 2012

lah pan kepriwe maning..

judul postingane keren nemen lah pan kepriwe maning kieh pancen menceritakan kegesihane atine aku sing lagi galau. aku sih asline ndue niat ya cerita sing siluman ultraman niate pan tak gawe komik tapi ya pan kepriwe maning.. aku sibuk nemen kerjane 12 jam liren seminggu sepisan.
dadi ya kapan kapan bae wis ya ning ana waktu luang bae ngko cerita siluman ultraman tak gawe komike.
ya wislah kaya kue bae ya, aku pan sarapan ndikit soale mau mbeke mangan gorengan tok dadine wetenge kayong kempas kempis perih nemen.
hehe.. eh tapi ngko ndikit ah mangane. aku pan ngrongokna lagune paramore sedelat nggo nyeneng nyenengna kuping men ora budeg nggal dina ngrongoknane mesin bae war wer war wer kayong semrawut nemen nganti ndase aku kaya pan pecah. eh keh sekalian aku pan ngaplod potone aku sing kaya afika.
afika boy








keh potone afika sing asli
afika girl
weh mirip nemen ra ya? kur bedane aku lagi udud afika lagi mangan oreo.

pabrik AKN KNITTING (tempat kerjane aku)

oiya keh nyong pan nyeritakna tentang tempat kerjane aku keh karo daftar karyawan karyawane.

pabrik bosok

yoyon

nama: yoyon
umur: dirahasiakan demi kepentingan negara
cita cita: tukang ngarit
hobi: nyisiki pring
asal: purbalingga
kerjane: karep karepe dewek








yanto
nama: yanto alias yanto
umur: mbuh aku kelalen
cita cita: dadi peternak ayam lehor
hobi: nyukur kumis
asal: banyumas
kerjane: sangar.. ning mesine mati mati bae ngko mesine di gebug gebugi.









wawan
nama: wawan goweng
umur: 3889 bulan purnama
cita cita: pengin dadi presiden malah dadi pesinden
hobi: ngaca bae nggal dina
asal: cilacap
kerjane: kerjane saingan karo yanto














sugeng
nama: sugeng biasa dundang dogeng
umur: menginjak sekitar 3090 umur semut
cita cita: dadi wong sukses tapi ora kelakon
hobi: ngentut
asal: pemalang
kerjane: aring kerja senenge nembang lagu lagune oma irama















cepi aja
nama: epi sopyan
umur: hingga kini masih menjadi misteri
cita cita: dadi gubernur jawa barat daya
hobi: mangan sarimi isi dua
asal: banjaran
kerjane: kerjane senenge nggembor nggembor















rohimin
nama: rohimin alias rokhim sparrow
umur: yah palingan sepantaran sama syech puji
cita cita: menjadi penulis cerita di majalah bobo
hobi: nyekliki jentik men pada moni
asal; dari langit turun kebumi
kerjane: kerjane karo turu karo ngiler













sandi aulia
nama: sandi aulia
umur: sedang dalam penyelidikan
cita cita: dadi guru agama
hobi: njoged
asal: bandung
kerjane: kerjane guya guyu bae


Minggu, 13 Mei 2012

pengalaman pait (ngencot tembelek)

lagi galau
Keh cerita pengalaman hidupe aku sing palig pait nemen. Saking paite nganti semut semut pada wedinen ora wani merek. Yawislah keh langsung bae maring ceritane.

Pada suatu pagi alias esuk esuk dong dina minggu..
Aku niate pan tuku sega kuning nggo sarapan tapi ajeg ajeg nang tengah ndalan sendale aku sing sisi kiwa betet alias tugel. Lah ya wislah ora papa sendale tak cangking bae lah dari pada dinggo tapi nyarug nyarug nggawe jentik sikile aku peklik tok.
Nah barang kaya kue ya dong aku lagi enak enak nyangking sendal wong wong malah pada ndelengna aku karo pada ngguyu cekikikan.. Asemkah asline aku isin nemen yakin, pengine raine tak tutupi panci. Tapi yah aku cuek bae lah, wong wong pan pada ngguyu paha ora papa sing penting aku pan tuku sarapan.. Wetenge aku wis ngelih nemen..

Dan akhire ya aku pun anjog nang tukang nasi kuning. latane bakul nasi kuninge takon kaya kie: mas kueh sendale ganing dicangking, sikile korengen apa wis bosen nganggo sendal?.
Latane tak jawab dengan rasa isin seisin isine : ora kah yu, keh miki sendale aku betet nang ndalan dadi tak cangking bae, wis saiki ora usah takon takon lah aku lagi isin nemen keh yu, mending gawekna aku nasi kuning siji.

2menit kemudian akhire wetenge aku ora kruyak kruyuk maning alias wareg.
Nah barang kas mangan nasi kuning nganti wareg aku langsung balik mlayu mlayu karo raine tak tutupi nganggo koran, ya soale mbokan diguyu karo wong wong maning sih, aku dadine ya isin nemen raya.. Nah barang aku lagi enak enak mlayu ajeg ajeg sikile aku kayong ngencot sesuatu dan latane aku langsung mandeg.
Aku esih bingung keh aku ngencot apa yah.. Ganing rasa rasane kayong anget gemejos tapi benyek lesdrek. Aku bingung nemen, soale nang ngarepe aku isine ibu ibu lagi pada ngerumpi dadine perasaane aku kayong isin tapi juga penasaran.. Tapi yawislah pokoke tak tiliki bae keh sikile aku ngencot apa.
Latane barang tak tiliki ya jebule aku ngencot tembelek lancuuuuuuuuuung...

Walaaah.. Yakin saiki aku udu isin maning tapi isin nemen sunglah, latane ibu ibu sing nang ngarepe aku pada ngguyu ngakak kabeh seru nemen nganti wong sedesa metu kabeh.
Latane koran sing tak anggo nggo nutupi rai miki langsung tak guang terus aku langsung mlayu karo nangis..
Wis pokoke galau nemenlah judule.


Wis kaya kue bae ya ceritane. Aku pan nangis ndikit.