Kamis, 05 Juli 2012

aaa...

ciluuuk.. ba!

wehehe pada kageten ya koe ya..
yaiya wong aku beh kaget kah. wis saiki ora usah ngomong kaget kagetan, saiki aku pan ngomong tentang uripe aku kading sisi sableng/soak/gendeng/edan/ora waras. nah dadi ceritane kaya kie keh ngko diwaca ya.. awas koe angger ora diwaca tak kletak ndase.

dadi aku kieh uwonge pancen anggeranuk ora nggenah alias sekarep karepe dewek, sing penting atine seneng ora mikiri utange akeh, ora mikiri ora ndue pacar, ora mikiri ora mangan sega, pokoke awake dewek seneng wis kaya kue tok. keh contoh contohe aku dong lagi ora nggenah.

1. Aku biasane ning lagi mumet mikiri utang langsung mlayu maring sumur adus. Nah nang njero sumur kueh aku ora kur adus tok, aku adus karo njoged karo nembang lagune cherrybelle sing yu war biyutipul.. Biyutipul.. Biyutipul.. kamu cantik cantik dari hatimu.. sempake tak dinggo nang ndas, sikat karo odole tak dadekna mic. Ning lagi njoged biasane aku karo anjrot anjrotan nganti tiba njagong.

2. Aku pernah nangis guling gulingan nang kasur gara gara ora ndue duit. Soale duite aku ntek nggo tuku jamu komplit pegal linu.

3. Dong aku lagi mikiri 'nang apa yah aku ora ndue pacar pacar.. Padahal aku ngganteng ka yah'. Biasane aku nangis karo nelpon operator xl ngko aku curhat nganti operatore keselen ngrongokna curhatane aku.

4. Nah dong ndase aku lagi mod mod gara gara sendale aku kas meak tembelek lancung urung tak kumbah. Aku biasane nggembor nggembor karo mrangkang nang ngarep umahe lurahe.

4setengah. Aku kieh kan fans sejatine barcelona ya. Dong pas barcelona menang aku seneng nemen.. Anjrot anjrotan karo njoget ngebor kaya inul. Nah dong pas barcelona kalah aku langsung ngising karo nangis.

5. Dong aku lagi suker nemen biasane aku kieh kelanenan.. Aku pernah tekas ngising ora cewok, aku pernah tekas nguyuh ora disiram, aku pernah nggodog banyu nganti pancine geseng, aku pernah udud ora tak suled, aku pernah nggoreng ndog tapi sing tak goreng malah cangkange, ndoge tak buang.


Wis kaya kue bae ya...

aku ngganteng nemen ya

Senin, 02 Juli 2012

story of afika episod 7

oke setelah tertunda selama bertahun tahun, akhire cerita STORY OF AFIKA akan dilanjutkan.
nah cerita sing ndisitkan berakhir nang siluman ultraman sing pan dikeroyok adam suseno karo raul lemos.
oke langsung lanjut bae ya ceritane..

siluman ultraman awake ndlegdeg alias gemeteran, adam suseno langsung nyerang siluman ultraman nganggo jurus gebugan kumisbaplang. siluman ultraman langsung ngatang ngatang. sementara raul lemos langsung melancarkan serangan menggunakan jurus srudugan ndaswatu. (jurus jurus adam suseno karo raul lemos bisa dideleng nang cerita kiyeh > klik ).
menerima serangan raul lemos yang tiba tiba, siluman ultraman langsung klabakan. latane siluman ultraman sekarat enggal mati.
sementara mario teguh dan mama dedeh lagi pacaran nang pojok karo ndolani afika. raul lemos langsung marani maring mario teguh karo ngomong kaya kie keh di waca ya..

raul: ndul, keh aku wis ngalakna siluman ultraman keh.. ndi mene jare aku pan di ngai sega kecap.. aku wis ngelih nemen cepetan.

mario: iya iya wis keh sega kecape keh mana mangan. nganggu wong lagi seneng seneng tok raimu kah.

lagi enak enak mangan ajeg ajeg ndase raul lemos digebug kading mburi BUUGG!!! 'prontaall.. ndase raul lemos langsung remuk. jebule sing nggebug kueh adalah propesor jojon. propesor jojon jengkel nemen weruh siluman ultraman wis sekarat enggal mati gara gara dikeroyok adam suseno karo raul lemos. latane propesor jojon pun langsung nyerang adam suseno nganggo jurus kumis kotak. juruse propesor jojon langsung dibales adam suseno nganggo jurus kumis lonjong. juruse propesor jojon karo juruse adam suseno pun bertabrakan. wengg.. wengg.. wengg.. kaya kue monine. propesor jojon tak tinggal diam, latane propesor jojon langsung mabur menduwur dan mengeluarkan jurus menjuk nganggo dengkul. juruse langsung mengenai raine adam suseno, dan adam suseno pun langsung mojled alias modar.

sementara mario teguh kageten ajeg ajeg ana propesor jojon, padahal ora ana undangan.
propesor jojon langsung marani maring siluman ultraman.

jojon: men, men koe ora papa men?

ultraman: aduh.. prop.. boyoke aku mbetut nemen prop.. tolong prop..

jojon: ya wis keh untunge aku nggawa jamu komplit pegal linu kading ngumah sebotol. keh dinung keh men cepet mari.

ultraman: iya iya..

melihat propesor jojon telah membunuh raul lemos dan adam suseno, siluman belis gundul alias mario teguh langsung nyerang propesor jojon nganggo jurus ndas murub. propesor jojon kaget, latane matane propesor jojon langsung silau. melihat propesor jojon sing lagi kesilauen, mario teguh langsung nyerang maning nganggo jurus kentelan super. BUAAG!! propesor jojon langsung mutah getih 43liter.
tapi propesor jojon esih bisa bangkit maning dan menyerang balik mario teguh nganggo jurus kolor sakti. UWAA.. mario teguh ambegkane langsung seseken ngosngosan. propesor jojon tak tinggal diam, kemudian propesor jojon nyerang maning nganggo jurus tendangan sikil bosok. BRUAGG!! tendangane langsung kena pas nang ndase mario teguh. latane mario teguh langsung kemumeten puyeng puyeng tak berdaya.

propesor jojon langsung marani maring mama dedeh sing lagi ngemban afika. mama dedeh kewedinen. latane mama dedeh langsung mlayu kocar kacir banter nemen sambil ngemban afika. propesor jojon langsung ngejar. nguuuuuueeng.... nguuuuuueeeeeeeeng... kaya kue monine. nganti mama dedeh akhire menemukan jalan buntu, yaitu jurang. jrengjreng jreeeng.... go to episod 8.
aku pan mangan ndikit