Minggu, 17 Juni 2012

wawancara esklusip bersama biksu tong

Ini adalah wawancara esklusip antara saya dengan tong sam cong alias biksu tong. Pada saat biksu tong sedang bertapa di dalam gua bekas markas siluman tengkorak putih, saya datang menjumpainya untuk menanyakan hal hal penting. Nah karna ini penting, jadi catatanya dibikin pake bahasa nasional, bukan bahasa daerah. Karna penting sodara sodara... Penting... Penting bukan punting apalagi puting, ih...

Oke langsung saja kita lihat di te..ka..pe. Jrengjreng jreng..

Aku: asalamualaikum.. Tong.. Tong.. Nang ndi koe tong..

Biksu tong: tang tong tang tong emange aku keh gentong apa.

Aku: wehehe.. Sori tong sori.. Lah terus aku kudu ngundange apa tong?

Biksu tong: undang bae biks, men katon keren setitik.

Aku: lah mo. Aku geleme ngundang tong bae.

Biksu tong: ya wis ora papa sing penting koe mbayar sewu mangatus.

Aku: aja sewu mangatuslah, kayong kelarangen..

Biksu tong: sih pira njaluke?

Aku: telungewu patangatus.

Biksu tong: yawis ora papa. Sing penting kena nggo tuku gorengan karo es teh.

Aku: oke keh dadi wawancarane pan dimulai pora keh? Awit mau kakeyen ndospok bae raimu tong.

Biksu tong: lah koe sing marai ndikit kah.

Aku: yawislah sing ora botak ngalah. Keh saiki langsung wawancara eskulutip, eh eksekelupit, eh eskipulitit, eh eskulkultip, eh esklusip.. Lah ngomong kaya kue beh kayong angel temen yah asu.

Biksu tong: ilat ilat desa ya kaya kue.

Aku: lah wis koe ora usah gemberah. Langsung bae keh tak wawancarani koe nganti modod lambemu nganti njeblug cangkemu, aku ora urus ora urunan aku ora due duit nggo ngobati koe tong.


Biksu tong: wis langsung wawancara bae ora usah klegad kleged.. Ora ngerti aku beled ngising apa sih.

Aku: yawis keh pertanyaan sing pertama rongokna sing bener. Kupinge di jenjet ya kena kueh.

Biksu tong: ya sip.

Aku: tong, nagapa ndase koe botak?

Biksu tong: ceritane dawa.. Ning di ceritakna kabeh kayong nyampe rong dina rong wengi.

Aku: alah wis ora urusan, pokoke ceritakna cepetan.

Biksu tong: yawis keh dadi pertamane rambute aku keh gondrong, brewoke nggambreng kaya suket, kumise dawa kaya dalan gili pantura. Tapi tak cukur kabeh rambut brewok karo kumise nganggo bendo, soale aku pengin dadi biksu. Biksu kan ora olih gondrong, dadi yah tak plontosi bae ndase. Wis kaya kue ceritane.

Aku: o, cerita semono beh jare dawa.. Wudelmu ndea sing dawa.

Biksu tong: lah gelem pora.

Aku: yawislah, keh pertanyaan keloro. Nangapa koe keh betah nemen menjomblo?

Biksu tong: waduh, ning kieh ceritane bener bener dawa um.. Yakinlah sung.

Aku: ceritakna cepet ora usah kakeyen cangkem.

Biksu tong: dadi mogane aku betah menjomblo, soale aku ora payu payu.

Aku: wis kaya kue tok ceritane tong?

Biksu tong: ya.

Aku: waduk koelah tong. Oke kieh pertanyaan sing ketelu. Nangapa koe senenge semedi?

Biksu tong: nah angger kieh ceritane lumayan cendek, langsung bae tak ceritakna ya..

Aku: ya.

Biksu tong: pertamane ya, aku keh dong cilik sering di urag urag karo simane, aku kon merad singadoh gara garane aku dadi bocah ora kena nggo kongkonan. Gon tuku bawang mengkreng nang warunge mbasus sing jarake paling 3meter beh aku ora gelem. Gon tuku gula karo lenga yah aku ora gelem. Gon nempur aku yah ora gelem. Soale aku wonge sungkanan nemen. Watane simane aku pun ntek kesabarane. Aku langsung diurag urag karo simane aku kon lunga sing adoh. Akhire aku pun lunga alias merad maring njero alas. Nah nang tengah alas ajeg ajeg aku weruh goa.. Nang njero goa kueh aku weruh ana sega, jangan,gesek, karo wedang manis segelas. Akhire berubung aku lagi ngelih, sega kueh pun tak pangan. Tekas mangan sega latane aku turu nang njero goa. Isine lemut akeh nemen pada nyokoti awake aku ndadekna gatel nemen. Akhire akupun ngempet godong gedang nggo kridongan men ora dicokoti lemut.
Nah barang esuk esuke aku tangi eh ana sing ngai panganan.. Jebule panganan kueh sajen. Nggo penunggu goa kieh. Akhire akupun mikir, hmm,, enak juga yah ning urip nang njero goa. Gari turu turunan tok, eh tangi turu ana sing ngai panganan, gratis maning. Nah dari situlah aku mulai seneng bersemedi. Selain bisa mangan gratis, bisa juga turu turunan sepuase, langka sing ngurag urag, langka sing mrentah mrentah. Wis pokoke enaklah. Wis kaya kue ceritane um.

Aku: (--__--) zzzZZZ...

Biksu tong: heh um ganing malah turu..

Aku: lah wong koe kaya waduk njeblug kah. Jare ceritane pendek ora pada dawa nemen kaya buntut jaran. Ning sing ceritane jare dawa malah jebue cendek nemen. Koe pancen stres koe tong lah.

Biksu tong: wis keh esih ana pertanyaan maning apa ora gagiyan aku wis beled ngising nemen keh.

Aku: yawis keh pertanyaan terakhir keh. Apa cita citane koe sing urung tercapai?

Biksu tong: cita citane aku sing urung tercapai yaitu pengin mbojo.

Aku: bisane pengin mbojo?

Biksu tong: ya wong arane beh wong lanang yah mana mana pengin mbojo yah men ana sing ngladeni..

Aku: .lah terus bisane saiki koe urung mbojo mbojo?

Biksu tong: lah ngerti dewek ra ya? Aku keh nggal dina uripe kur nang njero goa tok. Ora tau metu metu. Dadine yah aku ora tau weruh wong wadon yah..

Aku: yawis karep karepe koe lah tong.

Biksu tong: ya wis mana lunga sing adoh mana..

Aku: ya wis. asalamualaikum..

Biksu tong: e e e eh, ngko ndisit.. Keh bayarane ndi keh.. Aja lunga lunga tok raimu.

Aku: oiya, hehe.. Aku kelalen keh duite limangewu. Jujul sewu nematus meneh.

Biksu tong: keh jujule.
urung cewok