Minggu, 09 September 2012

tragedi tembelek lancung


dear diare.. eh maksude dear diary..
aku pan cerita apik nemen tapi ngko ndikit ya, aku pan ngising ndikit. Hob ndikit macane hob..
Heh! Domongi hob hob kah malah esih diwaca bae.. Weh ya domongi wong tua angel nemen raimu bangset njaluk tak gejog gejog apa sih..
Yawislah ngisinge tak tahan ndikit keh mbokan koe wis pada ora sabar pengen maca ceritane aku sing apik nemen kaya cerita aladin tapi ceritane aku esih apik setitik.
keh mula mula ya.. Dong aku lagi mlaku pan maring warteg tuku jangan nggo lawuh, aku keh kan aring mlaku oglang oglong banter nemen kaya jaran kepengin kawin, nah pas kueh aku ora weruh nang ngarepe aku kueh ana tembelek lancung sing mambune baseng nemen..
Mambune breng brengan ora karuan nggawe cungure uwong langsung mangslep menjero ning ngambung.
Nah tembelek lancung kueh malah tak dincot alias tak pedeg, crut ces ces ces.. Rasane adem njimbrang kaya tekas ngencot es salju nang gurun sahara, maklum soale aku lagi nyeker ora nganggo sendal dadine yah krasa gemejos nemen.
Aku sih pertamane urung ngerti kiyeh aku ngencot apa yah? Ganing kah rasa rasane kayong gemejos tapi mambu baseng.. Barang aku niliki sikile aku, WAAAA!!!! aku langsung njerit seru nemen kaya mercon singa sing regane sewu mangatus loro.
Aku kaget nemen jebule aku ngencot tembelek, latane sikile aku langsung tak lap nganggo godong pelem tapi esih mambu.. Akhire sikile aku tak kumbah nang banyu got menda resik. Eh malah jebule esih mambu bangset kah..
Pada saat itu aku wis putus asa nemen, urip kayong nelangsani nemen gara gara tembelek lancung, aku asline pan bunuh diri nginung banyu got, tapike ajeg ajeg ana ibu ibu marani aku takon kaya kie: um sampean nang apa ganing nangis kaya kueh? Kas diputusna pacare yah?.
Asline pengin tak jawab: asu bangset raimu aku keh ora nduwe pacar tolih ora usah takon takon asu keh aku lagi galau kieh gara gara tembelek lancung..
Tapike yah ora mungkin tak jawab kaya kue ra yah wong karo wong tua mbokan ora sopan ngko aku malah ditempiling wolak walik.
Akhire tak jawab bae kaya kie keh diwaca keh: eh ora papa bu, kieh matane aku kelilipen tembelek lancung eh maksude kelilipen awu..
Ibu ibu kueh langsung mbales dengan nada lembut selembut bulu dadane rido roma: oh kelilipen, ya wis keh tak ngai teko cilik ya..
Tekas ngai teko cilik Latane ibu ibune langsung mlayu banter nemen kaya brekicot lagi numpak roket.
aku esih bingung ganinge kah aku malah dingai teko cilik keh maksude apa yah? Nggo nggawe wedang teh yah kayong keciliken.
Akhire ora sengaja tekone tak elus elus ajeg ajeg metu kukuse kemebul nemen kaya kukus knalpot motore mandra ged. matane aku pega alias perih nemen kena kukus, nah pas matane aku lagi kepeganen ajeg ajeg nang ngarepe aku ana wong cring..
Aku kageten latane wong kueh langsung tak dupak nganti mencolot tiba njagong.
Wong kueh jengkelen, latane ngomong maring aku karo nduak nduak: bajingan raimu aku keh jin keh.. Apa? Jin.. Apa? Jin.. Sepisan maning ah men katon keren. Apa? Jin.. Wong jin kah malah didupak dupak sekarepe dewek keh maksude apa? Njaluk tak sulap raine koe men dadi kaya raul lemos apa?!.
Aku melongo kaya jabayi mbeke lair, aku meneng mbae karo ngomong nang njero ati 'aku sing ora ngerti apa apa ajeg ajeg kah ketemu karo jin, wis jine bosok leok, nganggo kaose gambar teletabis, sarunge bolong bolong kaya bekas kebakar obat nyamuk, blangkone miring, sepatune sepatu jengklik. Duh nasib basib keh ngimpi apa aku mbengi keh..' Disaat aku lagi bingung ora karuan, Jine ajeg ajeg ngomong: yawis ora usah klegad kleged keh koe tak ngai 1 permintaan cepetan pan njaluk apa bae tak kabulna.
Aku bingung aku pan njaluk apa yah..? Asline sih akeh nemen permintaane aku.

1.pengin ngganteng kaya donny alamsyah
2.pengin sugih kaya aburizal bakrie.
3.pengen nduwe pacar sing ayu nemen kaya maudy ayunda.
4.aku Pengin mangan enak nang restoran bintang sanga.
5. Aku pengin ngilangna mambu tembelek nang sikile aku.

Tapike aku malah dingaine satu permintaan tok sih kepriwe maning yah..
Aku kudu milih salah siji kieh, tapi bingung pan milih sing endi yah..
Jine kebingungen ndelengna aku lagi mikir, saking ora sabare jine nggerap aku: WEH CEPETAN KEH AKU WIS BELET NGUYUH AWIT MAU MIKIR BEH KESUWEN..
Aku langsung kewedinen, awake aku ndlegdeg, Akhire aku milih pilihan sing ke 5 aku pengin ngilangna mambu tembelek sing nang sikile aku.
Dengan cepat jine langsung maca mantra hongmalihong raimu kaya silit bangkong.. Dan criiiing... Sikile aku wis ora mambu maning,,
hore.. Yes yes yes.. Kemudian jine karo tekone langsung ngilang mbuh maring ndi.
Tapi ya wislah aku saiki wis bangga sikile aku wis ora mambu tembelek lancung maning..
Ihihi,,
ora mikiri raine aku ora ngganteng kaya donny alamsyah, ora mikiri aku ora nduwe pacar sing ayu nemen kaya maudy ayunda, ora mikiri aku ora sugih kaya aburizal bakrie, ora mikii aku ora bisa mangan enak nang restoran bintang sanga, singpenting sikile aku wis ora mambu tembelek lancung... Yihauuuw... Pesan moral: syukurilah hidup apa adanya biarpun tampang pas pasan, jomblo, dan hidup susah, sing penting tetap bersyukur karna sikile wis ora mambu tembelek lancung.

Sekian dan terima gaji eh maksude terima kasih.
wong ndesa