Kamis, 08 Mei 2014

semua ada masanya

huf.. postingan kali ini diawali dengan keluhan.
yah soale tahun kiyeh bener bener beda. tahun kiyeh aku kayong ora ana waktu nggo nulis. ana sih ana tapi ya secuil tok.
ora kaya sing ndisit aku bisa bebas nulis sekarepe dewek saporet porete.
tapi saiki wis madan angel. waktune kayong ilang..

ternyata bener kata iwan fals dan sherina "semua ada masanya" dan kayonge masa masa menulis yang sangat menyenangkan sudah hampir ilang direbut waktu.


mbiyen tahun 2010-2011 adalah masa masa alayne aku. nduwe akun facebook beh nganti 6, akun twitter 3, blog ana 3. tapi saiki wis dibusek kabeh. akun facebook gari siji, twitter yah gari siji, blog yah gari siji.

nah pas tahun 2012 kueh pas aku lagi lucu-lucune (ibarate yah kaya bayi umur 14 wulan lah).
pas aku lagi seneng senenge maca buku, dolan maring gramedia tapi ora tuku, kur andon maca buku tok demi menambah wawasan. buku buku sing sering tak wacani pertamane sih bukune raditya dika.
dan setelah menelan doktrin doktrin dari bukune raditya dika, awake aku mulai kerasukan setan setan komedi. ide ide mulai bermunculan dari dalam kepala dan dengan siasat ingin mengikuti jejak kambing jantan milik raditya dika, akhire akupun melu nggawe blog.

tapi aku pengin bloge aku beda karo kambing jantan walopun jurus jurus komedine pada.
akhire aku kepikiran 'o iya yah nangapa ora tak tulis bae atik basane aku dewek yah' dan dimulailah sebuah awal yang tak terduga.
aku mulai nggawe blog brug sinol. awale aku melas mbokan wong wong ora pada ngerti cerita sing tak tulis, tapi ternyata diluar dugaan. brug sinol olih apresiasi positif  dari para pembaca meskipun ceritane mengandung unsur negatif. aku pun mulai semangat menulis nulis dan terus nulis dan di posting di brug sinol dengan gaya bahasa yang sangat sederhana namun kemlitak.

aku terus kelingan kata katane pramoedya ananta toer bahwa "orang boleh pintar setinggi langit, tapi selama ia tidak menulis, ia akan hilang dari sejarah"

dan ngomong ngomong soal masa.. pancen paling enak kueh ya masa kecil. yaiyalah masa kecil itu menyenangkan karena masako itu asin.
oiya jarene wong wong sih ning ana wong merindukan masa kecil berarti  wong kueh wis ngerasa tua.

tapi aku ya urung tua lah, wong kumis beh nembe tukul seler. tapi ya pancen sih masa kecil kueh sangat menyenangkan, salah satune adalah jajan jajanane. ngerti dewek rah ya bocah cilik ndeng uripe kur dolan turu njajan dolan turu njajan tok.

nah berikut adalah daptar jajan jajan paling ngehits dong aku esih cilik. mbuh saiki esih ana apa ora.

1. jajan ribut





jajane pancen ora sesangar arane. rasane gurih gurih atos. dipangan moni kletus kletus pokoke enak nemen apa maning ning nggo lawuh sega anget. oiya anggeranuk biasane beh ana hadiahe duit limangaus perak.

2. mie anak mas




mie anak mas pancen tak seenak indomie goreng sambel ijo tapi regane luwih murah meriah.. pokoke terjangkau bagi kondisi keuangan kaum bocah cilik cilik sing nggal dinane di ngai duit mangatus perak karo wong tuane.

3. coki coki




siapa tak kenal coki coki, maka dia tak kenal saras 008. soale jajan kiyeh lagi ngetren ngetrene dong pas ana pilm saras 008 nang indosiar.. rasane manis semanis raine aku. dong cilik aku senenge tukune coki coki soale regane murah nemen.. paling kur satus perak. aku ning mangan coki coki tak lamodi nganti resik nemen nganti cangkeme aku nggabres ora krasa.

4. mi biting bitingan


sejenis mi tapi lebih menyerupai sapu ada. jajan kiyeh pernah dinobatkan oleh unesco sebagai jajan paling enak dan paling murah sedunia. nganti saiki jajan kiyeh beh esih ana nang warung warung.. pancen ah jajan kiyeh adalah jajan legendaris sejak jaman patih gajah mada.






yawis semono bae ya.. asline sih esih akeh sing pan tak ceritakna maning tapi ya waktune ora ana..

kapan kapan maning bae wis ya.. samlikum..