Minggu, 30 Maret 2014

detective tarno holmes season 2 #2




jengat jengut jengat jengut dtective tarno dan maudy ayunda lagi mlaku mlaku nang pasar tuku kangkung seunting nggo njangan.

eh pas nang pasar ajeg ajeg maudy ayunda karo detective tarno ketemu karo lurahe sing lagi belanja tuku bawang mengkreng di prentah bojone.




kemudian latane maudy ayunda pun bertanya takon maring kepada lurahe.

maudy: lurahe, anukapa nang pasar?

lurahe: tuku bawang mengkreng di prentah bojone..

maudy: idilah anutan nemen ah dadi wong lanang..

lurahe: iya keh sebagai suami yang baik ya kudu siap rah melayani istri..

maudy; manteplah pak, eh pak saiki aku pan takon pak..

lurahe: takon apa?

maudy: nangapa yah pak saiki desane dewek kayong ora aman maning..

lurahe; ora aman nangapa? sapa sing nakal ngomong karo aku, njaluk tak sembeleh apa kaeh wong.

ajeg ajeg lurahe mandeng maring detective tarno.

lurahe; oo kaeh sing nakal.. ngalih tak pateni sisan.. tak tengkel gulune lih tak dobong urip urip.

lurahe pun langsung nengkel gulune detective tarno nganti gulune detective tarno pan tugel.
eua eua eua.. detective tarno ora bisa ambekan enggal mati nemen.
tapi untunge maudy ayunda langsung misah.

maudy: e e e stop stop.. udu kueh wonge pak..

lurahe: lah terus sapa wonge?

maudy: udu kueh pak, kueh batire aku arane detective tarno.. ya walopun raine kaya bencoleng tapi wonge ora meleng pak..

lurahe: lah terus sapa?..

maudy: wonge sih urung jelas pak tapi lagi tak selidiki.

lurahe: oyawis mana selidiki ngko ning wis ketemu ngomong aku yah, tak pateni ngko. wani wanine nggawe desane aku ora aman. urung ngerti apa keh lurahe miyen juara lomba mangan kerupuk sebaskom nganti gulune serek gara gara ora nginung.

akhire lurahe pun balik maring umah dan detective tarno dibalangna. sblakkhh!.

maudy ayunda dan detective tarno pun segera balik tekas tuku kangkung.



sementara itu sesampainya nang umah, lurahe langsung curhat maring bojone.

lurahe: jo, bojo, ngeneh ndikit tak omongi raimu.

bojone: apa pak?

lurahe: jare wong wong desane dewek wis ora aman.. mbuh masalahe nangapa aku yah ora ngerti.

bojone: o anu pak, masalahe kaeh gara-garane wingi ana sing maling wit kelapane wong..

lurahe: lah ganing sing di colong kah wite, udu kelapane..

bojone: mbuh pak aku beh ora ngerti, lah wis lah aku pan ngising..

lurahe; oalah.. bojone aku edan ora waras.. ditakoni bener bener ko malah ditinggal ngising.. suasulah.




lurahepun mulai penasaran sebenere apa yang telah mengancam desanya hingga para warganya merasa tidak aman lagi.

sementara itu maudy ayunda dan detective tarno mulai mendatangai rumah pak rt untuk investigasi lebih lanjut.
tok tok tok.. hasalam mualaikum pak rt..
weh pak rt.. metu koe.. tak etung nganti telu ning ora gelem metu tak bubrak keh lawange.. pak rt!...
wis di dog dog banter nemen tapi pak rt ora metu metu. akhire detective tarno jengkel nemen. dengan menggunakan jurus dari jawa aanaden naden awa awa awa awa e o a aha... bruuuggghhhh!!! lawange langsung remuk dadi berkeping keping kaya remukan intip.

dan apa yang terjadi? apakah pak rt akan marah marah? ataukah pak rt akan sewot aja?

coming soon...