Minggu, 02 November 2014

[masih] udu dunia lain episod 3

brug sinol kembali lagi pemmirsaaa..
kali ini bug sinol akan melanjutkan episod cerita [masih] udu dunia lain.

oleeeee..

dadi pertamane kaya kiye keh.
jebule ya pembaca blog brug sinol udu kur nang gonggomane dewek tok, tapi jebule pembaca blog brug sinol wis nganti luar negriiii.. waaaaa.. edan keren nemen rah ya..
jebule ana wong wonge dewek sing kerja, kuliah, urip nang luar negri pada kesenengen maca brug sinol.
ana sing kading hongkong, cina, amerika, inggris, malaysia, singapur, australia, arab, belanda, suriname, rusia, jepang, afrika selatan, kamerun, mesir, tegal, pekalongan, purwokerto.. wow.. sungguh mengagumkan..

nah wingi ana sing ngirim email maring aku isine kaya kiye keh:
"selamat malam pak, saya andre pembaca blog bug sinol dari amerika, asline sih aku wong slawi. aku nang kene kerja dadi tukang adang nang restoran khas tegal atau nang indonesia biasa disebut warteg. oh iya pak nang kene (amerika) lagi rame rame pada ngrayakna halloween. aku dadi kelingan cerita blog bug sinol sing bergenre horor, yaitu cerita sing judule masih udu dunia lain. aku seneng nemen pak tolong dilanjutkan episodene ya pak demi kebahagiaan kita bersama.. thanks.."

dan karena aku wonge baik hati ora sombong tapi madan kemlitak, akhire gelem ora gelem ya aku kudu gelem melanjutkan episod cerita yang telah satu tahun ora ana lanjutane. untuk pembaca baru sing urung paham cerita [masih] udu dunia lain yang sangat menyeramkan, bisa ndeleng ndikit nang [masih] udu dunia lain episod 1 dan [masih] udu dunia lain episod 2.
oke baiklah cerita masih udu dunia lain kali ini akan dibuat spesial halloween.. jengjeng jeng..



baiklah pemirsa, seperti biasa tapi ora kaya biasane. rudi kawilarang yang adalah font man acara masih udu dunia lain sedang mencari peserta uji nyali. kira kira sapa yah pesertane?..
mbuh aku beh ora ngerti mogane kueh njuh mangkat luruh wonge.

rudi kawilarang bejalan mendaki gunung lewati lembah sungai mengalir indah ke samudera bersama alam bertualang.. eh kiyeh rudi kawilarang apa ninja hatori sih?..
halah, aslep kah ceritane dadi ora maksud nemen ya.
yawis langsung bae lah menda gelis. datanglah seoang pemuda desa untuk mendaptar menjadi peserta masih udu dunia lain. pemuda desa itu bernama dasuki. rudi kawilarang menyambut dengan penuh bahagia kedatangan dasuki pemuda desa yang pemberani.

mirip afgan


rudi: heh suk, raimu wis siap apa urung uji nyali ngko bengi?

dasuki: siap rud, bakale nyong menang olih duit sejuta mangatus.

rudi: wehehe aja kemlitak ndikit raimu suk dasuki sing sikile kaya bebek tongki.. ngko bengi koe pan tak deleh nang tempat angker. sebuah rumah yang sudah lama kosong karena telah ditinggalkan penghunine.. heeee..

dasuki: aduh apa iya rud, bangset kah koe ora ngomong awit mau sih.. aku dadi ndlegdeg keh awake. emange wis pirang tahun umah kue kosong rud?

rudi: pokoke wis suwe, ya kira kira ana rong dina nan lah. penghuni umahe pada minggat gara gara lanang wadon tukaran.

dasuki: aduh angker nemen yakin.. semoga aku bisa melaluine ya rud.. hiiii..


waktu menunjukan jam sewelas bengi. waktune dasuki untuk segera melalukan uji nyali di sebuah rumah kosong. dasuki dibekali es teh manis sebotol, kerupuk rambak loro, sega wadang sepiring karo sambel trasi selayah.

jam rolas lewat, dasuki mulai merasakan hal hal aneh, dasuki ngrasa kayong ana sing ngglubet sikile padahal langka sapa sapa, barang ditiliki jebule sikile dasuki kesrimbet kenur. oalah..

jam setengah loro, dasuki kesel, akhire njagong ndikit mangan sega wadang lawuhe krupuk rambak dicocol sambel trasi. sedep nemen pokoke lah peteng peteng mangan kaya kue.
eh ajeg ajeg pas dasuki notol sega wadang, dasuki kayong ngrasakena ana sepintas ayang ayang gede duwur langka rambute kaya peranakan tuyul gondrong sing lewat nang mburine wsssshhh..

dasuki: weh sapa kue yah? weh sapa kue.. weh ora gelem ngaku tak tesmokna sambel koe raine, aku ora wedi karo koe setan..

rudi: he wong ndesa. kiyeh nyong rudi gobel, keh aku nggawa wedang manis sebotol mbokan kurang soale koe aring mangan kaya londok ijo.

o jebule sing lewat kueh rudi kawilarang nggawa wedang manis sebotol. mbokan sih sapa. aku sing nulis ceritane beh nganti deg degan yakin ora ngerti sing lewat nang mburine dasuki pas lagi enak enak mangan sega wadang sing jare kaya peranakan tuyul doglong kueh rudi kawilarang..

jam setengah papat, suasana semakin mencekam pas dasuki lagi belet nguyuh tapi kudu ditahan karena tanggung sedelat maning menang. tapi tiba tiba muncul sesosok bayangan putih nggantung nang tlawungan. waaaaaaaaa.. dasuki njeit banter nemen kaya wong wadon. waaaa waaaa waaaa.. dasuki nguyuh nang suwal. alhasil tempat uji nyali menjadi basah rejeh rejeh mambu pesing gara gara uyuhe dasuki.
waktune gari semenit maning acara uji nyali akan berakhir tapi dasuki malah dadah dadah maring kamera sebagai tanda wis ora kuat alias nyerah.

rudi: weh suk kalem suk bangset raimu ngrejeh ngrejehi tok..

waaa.. rudi kawilarang kepleset tiba njungkel dalam kubangan uyuhe dasuki gara gara tempat uji nyali rejeh rejeh dan menjadi lunyu alias licin.
rudi kawilarang klagepan ora tahan karo mambu pesing uyuhe dasuki. tapi dasuki esih njerit njerit bae. akhire para kru menyalakan lampu dan jebule sing nggantung warna putih nang tlawungan kueh anduk. dasuki akhire meneng dan balik dengan tangan hampa gara gara ora olih hadiah, padahal gari semenit maning.

sementara itu para kru masih udu dunia lain juga bergegas pulang dan meninggalkan rudi kawilarang yang tiba kepleset.
demikian cerita masih udu dunia lain spesial helloween. medeni nemen ra ya ceritane.. mogane koe ning bocahe kecingan aja wani wani maca cerita [masih] udu dunia lain soale cerita kiyeh wis mendapat predikat label horror dari pssi (persatuan setan setan indonesia).


Senin, 27 Oktober 2014

semrawood membabi buta

selamat malam masyarakat..

isine suket

pada suatu hari di hutan semrawood hiduplah seekor kancil bernama si kancil. sikancil yang sedang asik mlaku mlaku nang tengah alas ajeg ajeg ketemu karo babi hutan bernama celeng yang sedang pacaran karo gajah bernama gajah ajah.

kancil: he koe lagi pada apa keh nang kene? lagi pada pacaran ya.. tak domongna simane koe.

celeng: aja cil aja domongna simane aku ngko aku di sabet nganggo sapu.. aku ora pacaran yakin aku kur jagongan tok nang kene.

gajah: oh dadi koe nganggep hubungan kiyeh kur dolanan tok leng celeng? pancen dasar koe celeng sing paling celeng..

gajah ajah merasa sakit hati karena ternyata celeng lebih memilih wedi disabet simane daripada mempertahankan hubungane dengannya. sementara itu celeng balik maring umah nangis nggower nggower langka sing nulungi. dan si kancil melanjutkan mlaku mlakune.

eh nang tengah ndalan si kancil ketemu maning karo penghuni hutan semrawood, dua ekor binatang ketek bernama kunyuk yang sedang gelut dengan ketek bernama lutung.
karena si kancil adalah hewan yang berbaik hati, sikancil ora tega melihat para ketek itu berkelahi dengan sangat brutal. akhire si kancil pun berusaha misah.

kancil: weh weh weh stop stop stop..

kunyuk: ana apa cil? wis koe ora usah melu melunan.. njaluk tak pateni nang ndalan apa koe heh?!

kancil: o kunyuk.. aku keh pan misah gobel..

lutung: wis cil mending koe lunga bae sing adoh daripada nang kene ngrusuhi wong gelut tok.

kancil: ya wis aku pan lunga bae lah tapi aja salahna aku ning koe mati nang kene, soale wingi ana sing tekas gelut ajeg ajeg mati gara gara ora ana sing misah. mogane kueh aku nang kene berusaha untuk memisahkan koe koe pada men kejadian yang dulu ora terulang kembali. dan semua penghuni hutan semrawood bisa hidup dengan damai tentram sehat sentosa.

omongane si kancil ora dirongokna karo kunyuk dan lutung. mereka tetap saja berkelahi bag bug bag bug. sampe akhire ana seekor raksasa berbentuk babi ngamuk ngamuk

babi raksasa ngamuk mateni sapa bae sing ana nang ngarepe mbuh kueh sapa bae pokoke dipateni. pas kueh lutung karo kunyuk ngadek nang ngarepe babi raksasa, akhire lutung karo kunyuk mati di sruduk babi raksasa.

si kancil kewedinan langsung mlayu banter nemen tapi babi raksasane langsung ngejar.
si kancil mlayu banter nemen nganti sikile pan tugel. tapi babi raksasane esih terus terusan ngejar.
lagi mlayu ngejar ngejar si kancil ajeg ajeg ana lemut mabur muter muter bae nang ngarep raine babi raksasa. babi raksasa jengkel nemen, latane lemute di keplak nganggo sikil. plak!! begitulah bunyinya dan lemute mati tak berbentuk, kemudian babi raksasa kembali mengejar si kancil.

eh nang tengah pengejaran babi raksasa ketemu karo brekicot nang ngarepe. brekicot sing lagi mlaku alon alon sambil membawa sepanduk "biar lambat asal selamat yang dibelakang harap antri" akhire babi raksasapun mlaku alon alon nang mburine brekicot tua itu.

lambat laun kesabaran babi raksasa ntek. babi raksasa pan ngejar si kancil tapi ning kaya kiye carane ya ora bakalan ke udag alias kekejar. akhire dengan penuh kekejaman sang babi raksasapun menyelip brekicot tua dan meninggalkannya jauh dibelakang sambil tertawa jahat. brekicot hanya bisa menangis melihat babi raksasa sing ora sabaran.

si kancil akhire menemukan jalan buntu yaitu jurang. si kancil wis ora bisa mlayu maning sementara babi raksasa mlayu banter nemen dengan kecepatan 12.000ekor laler. ngueeeeeengggg ngggeesssss ciiiiitttttt.... akhire si kancil dan babi pun berhadapan dengan penuh ketegangan. tapi ajeg ajeg teka seekor tawon langsung ngantup matane babi raksasa.

babi: aduh.. matene aku lara nemen aduh aku ora bisa melek..

tawon: sukur koe kueh akibate mau koe mateni bojone aku

babi: bojone koe sing ndi?

tawon: sing di keplak koe nganti awake remuk..

babi: o sing lemut mau yah.. yasoale kaeh ngrusuhi nemen aku lagi mlayu kah malah nang ngarepe ya salahe dewek yah..

tawon: salahe dewek matamu.. bojone aku kaeh repan maring posyandu untuk memeriksa kehamilan, tapi malah dipateni koe nang tengah ndalan.

babi: ala mbuh pokoke  aku ora ngurusi awas tak sruduk koe ngooooookkkk..


babi raksasa menjadi buta karena kedua matane didantup tawon tapi amukane juga semakin membabi buta. istilahe adalah. "babi buta yang membabi buta" tawon mabur mlayu tapi akhire kesruduk karena babi raksasa mengamuk dengan sangat ganas. se isi hutan semrawood menjadi sangat semrawut gara gara babi raksasa.
sampe akhire babi raksasa keselen dan ngasoh nang ngisor wit. karena babi raksasa ora ngerti wit sing nggo ngasoh kueh perek nemen karo jurang, akhire si kancil yang baik hati itupun menjorokna babi raksasa buta yang lagi enak enak ngasoh di bawah pohon mahoni. babi raksasa langsung tiba ngglundung maring jurang.

demikian ceritane. setelah kesel mlaku mlaku terus, si kancil pun liren dan ngorong ingin nginung. pas pan nginung nang kali, si kancil ketemu baya. tapi kayonge ceritane wis kedawan, dadi..nantikan cerita cerita lanjutan dari dalam hutan semrawood.

apakah yang akan terjadi?

Jumat, 24 Oktober 2014

brug sinol return



selamat malam guys.. now brug sinol come back for make you happy long. and eh ganinge kah nganggone basa ingrris ya.. ya maklum suwe ora tau mbuka blog aku sibuk kuliah nang eropa.
dadi ya kaya kiye rah nganti kelalen basane dewek.

tapi ya wis saiki ora usah pada gemberah kakeyen cocot.
sekian lama vakum dari dunia tulis menulis dan cerita mencerita. brug sinol mati suri karena sang penulis larut dalam kesedihan dan kekeringan ide. hah? sedih nangapa? sedih karena kehilangan dua orang teman baik yang pernah menjadi bagian dari brug sinol. citra putri kurnia dan andriati weny.
citra dan weny yang selama ini menjadi inspirasi dan spirite aku untuk tetap menulis di brug sinol.

tapi ora ana gunane terus terusan bersedih ria. pepatah tiongkok mengatakan "mangan lontong karo godonge, mangan kupat langka isine." sing artine: janganlah kamu terus terusan bersedih karena kesedihan hanya akan membawamu ke dalam lubang kesedihan. ya kira kira kaya kue lah pokoke.

hari demi hari, dina demi dina, day demi day, poeh demi poeh, aku mencoba move on tapi angel nemen..
akhire aku ngerti carane adalah "mencoba melupakan teman yang kita sayang sama seperti mengingat orang yang tidak ingin kita ketahui" nah intine kaya kue.

kemudian perlahan tapi pasti seperti seekor brekicot mlaku diatas duri. akupun mulai kembali semangat!. semangat! semangat! semangat! pokoke semangat! sepisan maning ah, semangat!.
selamat tinggal citra putri kurnia dan andriati weny.. sebenere aku pengin gluwean maning karo koe koe pada kaya mbiyen tapi ya kayonge wis ora mungkin. terima kasih karena kalian pernah menjadi bagian dari brug sinol dan telah menjadi bagian dari leluconku.

sekarang saya akan memulainya lagi. sendirian. tanpa kalian.


Kamis, 08 Mei 2014

semua ada masanya

huf.. postingan kali ini diawali dengan keluhan.
yah soale tahun kiyeh bener bener beda. tahun kiyeh aku kayong ora ana waktu nggo nulis. ana sih ana tapi ya secuil tok.
ora kaya sing ndisit aku bisa bebas nulis sekarepe dewek saporet porete.
tapi saiki wis madan angel. waktune kayong ilang..

ternyata bener kata iwan fals dan sherina "semua ada masanya" dan kayonge masa masa menulis yang sangat menyenangkan sudah hampir ilang direbut waktu.


mbiyen tahun 2010-2011 adalah masa masa alayne aku. nduwe akun facebook beh nganti 6, akun twitter 3, blog ana 3. tapi saiki wis dibusek kabeh. akun facebook gari siji, twitter yah gari siji, blog yah gari siji.

nah pas tahun 2012 kueh pas aku lagi lucu-lucune (ibarate yah kaya bayi umur 14 wulan lah).
pas aku lagi seneng senenge maca buku, dolan maring gramedia tapi ora tuku, kur andon maca buku tok demi menambah wawasan. buku buku sing sering tak wacani pertamane sih bukune raditya dika.
dan setelah menelan doktrin doktrin dari bukune raditya dika, awake aku mulai kerasukan setan setan komedi. ide ide mulai bermunculan dari dalam kepala dan dengan siasat ingin mengikuti jejak kambing jantan milik raditya dika, akhire akupun melu nggawe blog.

tapi aku pengin bloge aku beda karo kambing jantan walopun jurus jurus komedine pada.
akhire aku kepikiran 'o iya yah nangapa ora tak tulis bae atik basane aku dewek yah' dan dimulailah sebuah awal yang tak terduga.
aku mulai nggawe blog brug sinol. awale aku melas mbokan wong wong ora pada ngerti cerita sing tak tulis, tapi ternyata diluar dugaan. brug sinol olih apresiasi positif  dari para pembaca meskipun ceritane mengandung unsur negatif. aku pun mulai semangat menulis nulis dan terus nulis dan di posting di brug sinol dengan gaya bahasa yang sangat sederhana namun kemlitak.

aku terus kelingan kata katane pramoedya ananta toer bahwa "orang boleh pintar setinggi langit, tapi selama ia tidak menulis, ia akan hilang dari sejarah"

dan ngomong ngomong soal masa.. pancen paling enak kueh ya masa kecil. yaiyalah masa kecil itu menyenangkan karena masako itu asin.
oiya jarene wong wong sih ning ana wong merindukan masa kecil berarti  wong kueh wis ngerasa tua.

tapi aku ya urung tua lah, wong kumis beh nembe tukul seler. tapi ya pancen sih masa kecil kueh sangat menyenangkan, salah satune adalah jajan jajanane. ngerti dewek rah ya bocah cilik ndeng uripe kur dolan turu njajan dolan turu njajan tok.

nah berikut adalah daptar jajan jajan paling ngehits dong aku esih cilik. mbuh saiki esih ana apa ora.

1. jajan ribut





jajane pancen ora sesangar arane. rasane gurih gurih atos. dipangan moni kletus kletus pokoke enak nemen apa maning ning nggo lawuh sega anget. oiya anggeranuk biasane beh ana hadiahe duit limangaus perak.

2. mie anak mas




mie anak mas pancen tak seenak indomie goreng sambel ijo tapi regane luwih murah meriah.. pokoke terjangkau bagi kondisi keuangan kaum bocah cilik cilik sing nggal dinane di ngai duit mangatus perak karo wong tuane.

3. coki coki




siapa tak kenal coki coki, maka dia tak kenal saras 008. soale jajan kiyeh lagi ngetren ngetrene dong pas ana pilm saras 008 nang indosiar.. rasane manis semanis raine aku. dong cilik aku senenge tukune coki coki soale regane murah nemen.. paling kur satus perak. aku ning mangan coki coki tak lamodi nganti resik nemen nganti cangkeme aku nggabres ora krasa.

4. mi biting bitingan


sejenis mi tapi lebih menyerupai sapu ada. jajan kiyeh pernah dinobatkan oleh unesco sebagai jajan paling enak dan paling murah sedunia. nganti saiki jajan kiyeh beh esih ana nang warung warung.. pancen ah jajan kiyeh adalah jajan legendaris sejak jaman patih gajah mada.






yawis semono bae ya.. asline sih esih akeh sing pan tak ceritakna maning tapi ya waktune ora ana..

kapan kapan maning bae wis ya.. samlikum..


Minggu, 30 Maret 2014

detective tarno holmes season 2 #2




jengat jengut jengat jengut dtective tarno dan maudy ayunda lagi mlaku mlaku nang pasar tuku kangkung seunting nggo njangan.

eh pas nang pasar ajeg ajeg maudy ayunda karo detective tarno ketemu karo lurahe sing lagi belanja tuku bawang mengkreng di prentah bojone.




kemudian latane maudy ayunda pun bertanya takon maring kepada lurahe.

maudy: lurahe, anukapa nang pasar?

lurahe: tuku bawang mengkreng di prentah bojone..

maudy: idilah anutan nemen ah dadi wong lanang..

lurahe: iya keh sebagai suami yang baik ya kudu siap rah melayani istri..

maudy; manteplah pak, eh pak saiki aku pan takon pak..

lurahe: takon apa?

maudy: nangapa yah pak saiki desane dewek kayong ora aman maning..

lurahe; ora aman nangapa? sapa sing nakal ngomong karo aku, njaluk tak sembeleh apa kaeh wong.

ajeg ajeg lurahe mandeng maring detective tarno.

lurahe; oo kaeh sing nakal.. ngalih tak pateni sisan.. tak tengkel gulune lih tak dobong urip urip.

lurahe pun langsung nengkel gulune detective tarno nganti gulune detective tarno pan tugel.
eua eua eua.. detective tarno ora bisa ambekan enggal mati nemen.
tapi untunge maudy ayunda langsung misah.

maudy: e e e stop stop.. udu kueh wonge pak..

lurahe: lah terus sapa wonge?

maudy: udu kueh pak, kueh batire aku arane detective tarno.. ya walopun raine kaya bencoleng tapi wonge ora meleng pak..

lurahe: lah terus sapa?..

maudy: wonge sih urung jelas pak tapi lagi tak selidiki.

lurahe: oyawis mana selidiki ngko ning wis ketemu ngomong aku yah, tak pateni ngko. wani wanine nggawe desane aku ora aman. urung ngerti apa keh lurahe miyen juara lomba mangan kerupuk sebaskom nganti gulune serek gara gara ora nginung.

akhire lurahe pun balik maring umah dan detective tarno dibalangna. sblakkhh!.

maudy ayunda dan detective tarno pun segera balik tekas tuku kangkung.



sementara itu sesampainya nang umah, lurahe langsung curhat maring bojone.

lurahe: jo, bojo, ngeneh ndikit tak omongi raimu.

bojone: apa pak?

lurahe: jare wong wong desane dewek wis ora aman.. mbuh masalahe nangapa aku yah ora ngerti.

bojone: o anu pak, masalahe kaeh gara-garane wingi ana sing maling wit kelapane wong..

lurahe: lah ganing sing di colong kah wite, udu kelapane..

bojone: mbuh pak aku beh ora ngerti, lah wis lah aku pan ngising..

lurahe; oalah.. bojone aku edan ora waras.. ditakoni bener bener ko malah ditinggal ngising.. suasulah.




lurahepun mulai penasaran sebenere apa yang telah mengancam desanya hingga para warganya merasa tidak aman lagi.

sementara itu maudy ayunda dan detective tarno mulai mendatangai rumah pak rt untuk investigasi lebih lanjut.
tok tok tok.. hasalam mualaikum pak rt..
weh pak rt.. metu koe.. tak etung nganti telu ning ora gelem metu tak bubrak keh lawange.. pak rt!...
wis di dog dog banter nemen tapi pak rt ora metu metu. akhire detective tarno jengkel nemen. dengan menggunakan jurus dari jawa aanaden naden awa awa awa awa e o a aha... bruuuggghhhh!!! lawange langsung remuk dadi berkeping keping kaya remukan intip.

dan apa yang terjadi? apakah pak rt akan marah marah? ataukah pak rt akan sewot aja?

coming soon...




Minggu, 09 Februari 2014

detective tarno holmes season 2 #1

ini adalah cerita lanjutan dari squel trilogy detective tarno holmes yang ditulis setahun yang lalu.



di sebuah gubuk ditengah sawah.
seorang gadis desa bernama maudy ayunda dilanda kegelisahan yang tak tertahankan ataua basa gaule disebut galau tingkat dewa

maudy ayunda merasa sangat bersalah karena telah menyakiti hati detektive tarno holmes dan mengubahnya menjadi seekor bangkong ijo.

desane maudy ayunda saiki lagi dilanda kasus korupsi besar besaran. lurahe, camate, rtne, rwne, bayane, carike, pokoke kabeh pada kena kasus korupsi.
maudy ayunda bener bener butuh bantuane detective tarno untuk mengembalikan desanya menjadi aman, bersih kaya mbiyen maning. tapi saiki detective tarno wis sakit hati nemen karo maudy ayunda. soale wis di aniyaya ping loro, sing ke pertama mbalangna baya maring sumur, sing ke loro, ndadekna dadi bangkong ijo.

lagi enak-enake galau ajeg ajeg maudy krungu suara kodok nang pinggir sawah. "kreok.. kreok.." kaya kue monine. maudy ayunda penasaran karo suara kodoke. soale biasane suara kodok monine krok krok tapi kueh malah kreok kreok kaya suara wong lagi derep.

setelah  di tiliki oh ternya kueh adalah suara bangkong ijo yang tidak lain dan tidak bukan adalah detective tarnoooo!!!!.. oh my god! pepatah india kuno mengatakan "pucuk dicinta ulampun tiba" yang artinya: detective tarno datang untuk menegakan keadilan. jreng jreng jreng...



maudy: eh tiv jebule koe tiv, mbokan sih suarane sapa kayong merdu nemen.. (lagi ngrayu)

tarno: kreok.. kreok.. merda merdu ndasmu.. keh gara gara koe aku berubah dadi bangkong ijo..

maudy: eh iya tiv, aku njaluk ngampurane lah yakin sung aku kayong ngrasa bersalah nemen maring koe tiv..

tarno: kreok.. kreok.. waduke njeblug.. pokoke koe kudu ngubah nyong dadi menungsa maning.. nyong ora betah dadi bangkong.. nggal dina mangane lemut..

maudy: tapi tiv aku ora ngerti carane ngubah koe dadi menungsa maning keprimen tiv..

tarno: kreok.. kreok.. koe ngerti dongeng 'the frog prince' pora?

maudy: ngerti tiv, emange nangapa? koe pan ndongengna nggo aku apa?

tarno: kreok.. kreok.. matamu.. nang cerita the frog prince, pangeran yang dikutuk menjadi katak bisa dadi menungsa maning gara gara didambung karo wong wadon.. nah saiki koe kudu ngambung aku menda aku bisa dadi menungsa maning..

maudy: aduh syarate kayong berat nemen ah tiv.. aku mending mati bae lah dari pada gon ngambung koe..

tarno: kreok.. kreok..koe pan minta maaf karo aku apa ora?..

maudy: ya tapi udu kaya kiye carane rah..

tarno: kreok.. kreok.. pokoke koe kudu ngambung aku. ning ora koe sing tak dambung..



maudy ayunda mlayu kewedinen soale pan didambung karo detective tarno. detective tarno pun mengejarnya dengan cara mlempat mlempat nganti sikile njepat.

ajeg ajeg nang tengah ndalan maudy ketemu karo tukang jamu sing arane mbok iyem alias tukiyem binti sarkiyem hobi mesem karo merem.
maudy ayunda njaluk tulung maring mbok iyem.



maudy: mbok tulung mbok aku dikejar kejar bangkong ijo edan ngejar ngejar aku..

mbok iyem: emange nangapa?

maudy: mbuh kaeh jare pan ngambung aku tapi aku ora gelem..

mbok iyem: oyawis kalem tak dambunge nganggo silit ngalih bangkong ijone sing wani kurang ajar karo gadis desa..

lagi semangat semangate mlempat mlepat ngejar maudy ayunda ajeg ajeg detective tarno didadang karo mbok iyem dan langsung didambung nganggo silit.

criiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiing........ detective tarno pun berubah kembali menjadi manusia seutuhnya.

tarno: ohoek.. mambu badeg lecit langu asulah..

maudy: horeeeeeeee detective tarno kembaliiiii...

sementara itu mbok iyem langsung mlayu balik maring umah.




maudy ayunda dan detective tarno membuat kesepakatan konspirasi koalisi globalisasi eksekusi.
kini mereka berdua menjadi partner. maudy ayunda saiki dadi asistene detective tarno. dan akan memecahkan kasus korupsi yang menggeliat di desanya.

jreng jrengjreng... misteri kasus korupsi

Selasa, 21 Januari 2014

banjir.. gara-gara sapa?

udan maning, banjir maning, nangis maning, wuda maning, pemeane ora pada garing maning.

ya sodara sodara, saiki lagi musim udan, udan nyebabna banjir. banjir nyebabna wong wong pada nangis. padahal salahe sapa mogane banjir?.. ndeng salahe dewek rah ya.. tapi ora gelem pada ngaku. isine malah pada nyalah nyalahna wong tok.

ana sing ngomong jare penyebab banjir adalah sampah, lah sing ngguwang sampah ndeng koe rah..
ana sing ngomong jare penyebab banjir adalah got mampet, salahe sapa ora gelem nguras got..
ana sing ngomong penyebab banjir adalah air, ning udu air yah banyu.
ana sing ngomong jare penyebab banjir adalah siluman ultraman, nah kiyeh luwih mbingungi. mari kita cari tahu. (tempene aja digawa).


dadi ya jare penyebab banjir selain karena curah hujan yang sangat tinggi adalah juga karena siluman ultraman lagi nawu laut. nah banyu laute kueh di guwang maring tengah daratan nganggo ember. belum diketahui pasti apa maksude siluman ultraman nawu laut. jare sih gara gara tekas ngising kelalen urung cewok.

nah karena itu siluman ultraman mengingattkan kepada seluruh umat manusia untuk selalu cewok, aja nganti kelalen. tapi tindakan siluman ultraman malah kebablasan.. banyu sing di guwang terlalu akeh. akhire yah malah dadine banjir meleb meleb.

siluman ultraman turut menyesal tapi bahagia.



nah sodara sodara.. pesan moral yang bisa kita ambil dari cerita diatas adalah.

1. berbuat baik tapi jangan terlalu baik.
2. aja kelalen cewok.




ada sedikit cerita reportase langsung dari citra putri kurnia tentang banjir. cekidot.



 



"ini banjir tadi pagi, sedikit cerita, tadi pagi nekat berangkat, untung ada angkot, tapi naek angkot berasa naek kapal dikepung air sana-sini, sampe diturunin di jalan, gak ada akses buat angkot lewat, ok akk cewek, 'ayok kita ikutin mbak ini aja' kata dia 'mbak mau kemana?' kata seorang dari mereka 'mhirnya jalan, tapi seru sih jalanan rame orang-orang pada keluar jadi gak berasa capeknya, jalan ditengah banjir sendirian asli ini pengalaman yang seru banget, lumayan jauh jalan, celana basah nyampe diatas lutut, gak apa-apa ini seru sekali, jalanan rame banyak anak-anak abege pada jalan-jalan, anak-anak kecil pada maen bola, ini udah kaya lagi jalan di kali yang cetek, diikutin sama dua anaau kerja' jawabku, masih tetep jalan, tiba-tiba ada kayak semacem trek gede, banyak yang pada numpang, seorang bapak-bapak bertanya, 'lewat sunter?' lalu dijawab 'iya' tadinya mikir mau ikut gak ya, ok akhirnya ikutlah aku bersama rombongan itu yang kebanyakan bapak-bapak, lalu kita dibawa ke PT entahlah namanya aku lupa, buat nurunin karyawan situ (trek itu adalah trek PT tersebut) ya trek jalan lagi, menuju jalan raya banyak lagi yang pada numpang, kebanyakan ya para pria-pria, ok sampailah di pom bensin, saatnya turun, hap lompat dari trek tinggi, pokoknya hari ini sesuatu banget, seruuu"

Minggu, 19 Januari 2014

brug sinol ulang taun ke 2

selamat ulang tahun..
yap, dina kiyeh blog brug sinol genap berusia 2 tahun.
ora krasa yah ajeg ajeg wis rong taun.. padahal rasane kaya nembe wingi mulai ngebloge.
ya wong arane beh waktu ya ora krasa sing krasa kueh mangan kamir seceting (krasa wareg).

seperti biasa dihari ulang tahun brug sinol akan selalu ditayangkan kembali sebuah pidio yang sangat penomenal dan penuh keabsurdan.
pidio kiyeh digawe tahun 2013 dong pas brug sinol ulang tahun sing pertama. tapi saiki di aplod maning karena kayonge urung akeh sing ndeleng. (padahal sungkan nggawe maning).


nah seperti biasane maning, para bintang bintang blog brug sinol di tahun 2013 pun turut mengucapkan selamat ulang tahun..

maudy ayunda

one direction

jokowi (lurahe)

sby

pak tarno


kayonge pak tarno salah ngucapna kiyeh.. masa ngucapnane ulang tahun sing ke 5 bukane ke 2.. tapi ora papa wis, sing penting ngucapna. siap siap yah pak tarno untuk cerita detective tarno holmes season 2.. hehe tolong dibantu ya.. dari jawa, a anaden naden, awa awa, awa awa, e o a, ahaaaaaaa..