Rabu, 12 Desember 2012

roma irama nyapres

roma irama pan dadi presiden


terkait pencapresan roma irama.
aku ndeleng nang tipi nang koran pokoke beritane tentang roma irama kabeh.
yak, roma irama nyalon dadi presiden. aku termasuk salah satu dari 7milyar manusia di dunia sing ora setuju ning roma irama dadi presden. soale:

1.nang bayangane aku, ning roma dadi presiden, ngko nang indonesia ora ana udan banyu maning, anane udan wulu, wulu dadane roma.

2.  nang bayangane aku ning roma irama dadi presiden, bukane sibuk ngurusi negara malah sibuk njungkati karo metani wulu dada.

3. nang bayangane aku ning roma irama dadi presiden, negara indonesia bukane 'gemah ripah loh jinawi' tapi malah 'gemah wulu dada kelek jembutinawi'

4. nang bayangane aku ning roma irama dadi presiden, ngko warga indonesia ora olih begadang maning.

5. nang bayangane aku ning roma irama dadi presiden, 'lagu indonesia raya' bakalan diganti karo lagu 'begadang 2'.

6. nang bayangane aku ning roma irama dadi presiden, warga indonesia ngko pada ngising nang suwal.

pokoke ya kaya kue alesane aku ora setuju ning roma irama dadi presiden indonesia.
ya tak akui lagu lagune roma irama pancen juara........dalam hal merusak gendang telinga.
wingi ana tukang becak ngrongokna lagu roma irama latane kupinge langsung metu getihe.

wulu dadane roma irama rungget nemen kaya alas roban bahkan ana sing ngomong kaya hutan amazon soale jumlah wulu dadane roma irama hampir 2 kali lipat jumlah penduduk indonesia.
dan nang wulu dadane roma irama terdapat banyak spesies hewan seperti: tengu beracun, kadal ngepang, gorila purba, t-rex, brontosaurus, king kong mini, dan masih banyak lagi.

wis pokoke kaya kue.


roma irama pencitraan

the popoh bangset faaaak..

faaaakk the popoh faaakk..
'bangset' satu kata yang mewakili perasaane aku saiki.
ya gon ora dugal sing endi soale poto potone aku sing nang postingan foto toples di edit karo the popoh terus disebar sebarna nang twtitere @thepopoh.. asuu lah pokoke aku isin nemen raine abang njimbrang soale poto potone aku wis di deleng karo wong akeh nemen.. aku dadi isin ning metu metu raine aku tak tutupi panci menda ora pada ngerti. gara gara aku nyebarna poto potone soetan batoegana sing tak jukut nang akun twittere the popoh saiki malah aku gantian sing kena.. ibarat kata pepatah 'mengambil buah malah olihe getahe'.
keh tak dodokna bae poto potone aku sing wis diedit parah karo the popoh terus disebar sebarna nang twtitter.



kaya bangset nemen pokoke asuuu... asu koe poh ning ketemu tak cacag cacag koe kaya remukan gorengan intip.

keh tak dodokna fullfoto ne men koe bisa ndownload terus dipamer pamerna maring batir batire koe. puas! puas! puasss! yawis ning puas aku pan ngising ndikit.







Sabtu, 01 Desember 2012

soetan batoegana

aku pan ngomik ah, ngomik tentang soetan batoegana sing jare wong wong raine kaya iwak krotong.
pancen mirip

soetan batoegana sing saiki menjabat sebagai kader partai demokrat senenge di poyoki wong wong tok.
ana sing ngomong jare raine kaya iwak krotong, ana juga sing ngomong jare raine kaya pecakan pare. pahittt.

oiya keh aku pan nge share gambar/komik sing aku olih kading akun twitter @thepopoh karo @oomleo dalam judul "ADA ANAK BERTANYA PADA BAPAKNYA" sing pastine edan keren parah.. keh wis ora usah kakeyen klegad kledged langsung bae tak dodokna.





































yawis semono bae aja akeh akeh ya, ning kakeyen ngko koe malah kesenengen.

Sabtu, 24 November 2012

BRUG SINOL DI DEMO..

BAHAYA... BAHAYA...

iya iya, pancen bener bahaya keh sodara sodara.. aku lagi mumet nemen ndase soale wong wong nang seluruh dunia lagi pada demo maring bloge aku "BRUG SINOL"... waaa.. simaaa.. aku pan umpetan nang longan amben.

oh iya keh aku ngomong temenanan loh, ning ora percaya keh tak dodokna poto potone wong wong sing lagi pada demo maring brug sinol.

keh nang amerika

keh nang mesir

keh nang australia

keh nang arab

keh nang kaligelang

keh nang inggris


keh nang afrika

keh nang indonesia

duh aku wedi nemen.. saiki aku pan ati ati ah ngepost nang brug sinol.. mbokan ana sing ora trima ngko malah aku ditempiling wolak walik di totok anrot di tengkel gulune di gebugi wong sedesa bahkan seduniaaa...

Senin, 12 November 2012

pangeran coro

hari pahlawan jatuh pada tanggal 10 novemer, saiki wis tanggal 12 november. tapi yawis ora papalah wong paling kelewat rong dina beh. saiki aku pan ngepost tentang pahlawan.

pahlawan itu bernama "pangeran coro". mogane arane pangeran coro? keh dadi ceritane kaya kie keh.
pada suatu malam ya, nang njero istana sang pangeran sing umure mbeke 7 taun lagi turu lali nemen.
nah ajeg ajeg teka seekor coro nguyuh nang lambene pangeran, akhire nganti saiki lambene pangeran dadi njebir gara gara di duyuhi coro, dan kemudian sang pangeran dijuluki sebagai pangeran coro.

pangeran coro



usia pangeran coro saiki wis 22 taun, wis kaplak, wis njarot.
pada suatu hari sang pangeran lagi berburu wedus nang tengah alas ketemu karo tentara belanda.
pangeran coro ora wedi, latane pangeran coro marani maring pasukan tentara belanda karo takon.

pangeran: halo mister, koe anuk apa nang kene?..

belanda: hekoeorangsapasihdonge?.

pangeran: aku pangeran.

belanda: opangeranasutelesraimulah.

pangeran: maksude apa kueh, aku ora paham omongane koe su.koe anukapa koe nang kene?

belanda: orausahkakeyenmbacotraimu. akunangkenepannyolongkelapa.

pangeran: o koe landa gebleg mene mene pan nyolong kelapa.. ora, ora olih. soale kieh alase aku, udu alase koe, paham? su.

belanda: oalahsuberartikoengejakperangya?

pangeran: njuh perang aku ora wedi.

belanda: yawis ngesukketemumaning nangkene jamsepuluhesuk.

pangeran: oke sip.

akhire mereka berdua lunga, belanda telah menyatakan perang maring pangeran coro.
dan keesokan harinya dong pan mangkat perang pangeran coro adus ndikit, tekas adus latane pangeran coro nguluruhi kostum perange sing pan dinggo tapi langka, kemudian pangeran coro takon maring dayange,

pangeran: weh dayang, koe weruh kostum perange aku pora?

dayang: oh kostume lagi dikumbah, soale wis klopot jepot nemen sih, wis kalem bae kalem ngko sore beh garing kah ning ana srengenge.

pangeran: srengenge ndasmu! keh masalahe pan tak dinggo saiki keh, saiki aku pan perang karo belanda..

dayange kewedinen, dan kemudian dayange mlayu ngicir ngicir ora mandeng dalan dan akhire dayange tiba nyemplung sumur.

jam 10 esuk, terpaksa pangeran harus perang tanpa kostum alias wuda. iya wuda byar..

pangeran maring njero alas dewekan ora nggawa pasukan. sementara nang njero alas para tentara belanda wis siap siap pan nembak pangeran coro.

pangeran coro kemudian mlayu nggawa bendo karo njerit PERAAAAANGGGG....
kemudian para tentara belanda pada mlayu mundur kocar kacir, ana sing tiba kesandung, ana sing cangkeme metu umpluke,ana sing ndadak pingsan, ana sing kena serangan jantung, ana sing nembak ndase dewek, ana sing matane merem.
diduga para tentara belanda kewedinen karo pangeran coro, solae pangeran coro nggawa bendo. dan selain itu pangeran coro juga wuda byar, manuke gondal gandul.

dan akhire pangeran coro berhasil mengalahkan belanda. horeeeee.. pangeran coro langsung balik maring istana dan wong wong sing nang njero istana pada pingsan kabeh.





pokoke ceritane kaya kue. tentang seorang pangeran coro yang berani melawan tentara belanda dewekan.

pesan moral sing bisa dijukut kading cerita kieh adalah:


1. lindungilah tanah airmu
2. sedia kostum sebelum perang
3. aja nggerap dayang
4. aja mlayu karo wuda
5. ati ati dong turu
6 MERDEKA!


oiya, keh pumpung esih hari pahlawan ya walopun kelewat rong dina apaha ora papa. aku pan ngoplod potone aku nggawa bendera merah putih.

pan perang karo belanda

numpak jaran

wudele ketlujub

keleke njlegabed

berkibarlah merah putihku

Minggu, 04 November 2012

urip nang njagate ngewong (dong lagi meriyang)

kaya kie rasane urip nang njagate ngewong. pengin apa bae kayong kangelan.
apa maning ning awak lagi mriyang, pengine diladeni karo simane tapi lah pan keprimen maning.
periksa kudu mangkat dewek, tuku obat kudu mangkat dewek, mangan yah mangan dewek, ngliwet yah ngliwet dewek. duh kayonge ya keprimen yah hawane kayong nang ndas bengekl nemen.. wis awak mriyang sing kudune istirahat malah yag yig ora nggenah.

ya kaya kie nasibe dadi wong perantauan, luruh duit beh nganti lunga adoh adoh. tapi ya pancen nasibe wis kaya kie yawislah gari nrima bae, ora usah kakeyen nglalu, ora usah aleman. dadi wong kueh kudu kendel, kudu waninan, pokoke kudu bisa urip mandiri.

tapi urip nang njagate ngewong alias perantauan juga ana enake.
wong wong ora pada ngerti koe, nah inilah kesempatan untuk menjadi dirimu yang baru.
dirimu yang baru sing luwih apik kading miyen.
misale nang kampung koe senenge dipoyoki "kampleng" gara garane koe miyen dong cilik pancen awake kampleng alias gering taunen. tapi nang kene (nang njagate ngewong) ora ana sing ngerti koe kueh asline miyen awake kerempeng.

yah kaya kue lah pokoke, sory sory bae ya ning nang postingan kieh langka lucu lucune acan acan soale aku pancen lagi mriyang.. awake ora penak nemen yakin.. yawis ngko kapan kapan bae aku ngelucune maning ya..

duh ning lagi mriyang kaya kie aku pengin didulang maudy ayunda..

pengin di nina boboin afika..

pengin di batiri yuyun..




yawislah ning langka sing gelem aku pan bunuh diri bae...
eh tapi sedurunge aku bunuh diri aku pan bunuh penyakit kiyeh ndikit.. heeeeeeeee...

Minggu, 21 Oktober 2012

[masih] udu dunia lain episod 2

okeh akhirnya acara [masih] udu dunia lain memasuki episod 2.
sekarang sibotak rudi kawilarang beserta kru sedang mencari korban eh maksude peserta sing pan di uji nyaline.
nah setelah mencari cari sampai kepelosok desa nganti ngesrak ngesrak maring njero alas akhire rudi kawilarang menemukan peserta bernama steven goerge van der vart marwik atau yang lebih akrab dipanggil slamet untung.
kiyeh wonge

slamet untung kemudian dijak maring gedung kosong bekas pabrik gula jaman peninggalan belanda yang terletak di kabupaten pemalang.
pukul 00:30 dan acarapun dimulai. slamet untung dingai pacetan kacang godog setoples, wedang manis sebotol, sega megana seprincuk, udud 4 ler.

pukul 01:00 slamet untung mulai ngrasakna merinding, slamet kemudian mendengar suara glontangan, slamet langsung pencilakan kageten, latane slamet marani maring sumber suara dan jebule kueh suara kru [masih] udu dunia lain sing lagi mangan ajeg ajeg piringe tiba gara gara ngantuk, latane slamet langsung ngomongi krune.

slamet: lah wong ngantuk beh reka reka mangan ana apa koe..

kru: lah pan keprimen maning, aku ngelih.. ning weteng ngelih ora bisa turu..

slamet: koe degog nemen sih dadine ngewong.. wong sing arane turu kueh udu karna wareg, tapi karna ngantuk..

kru: lah ngantuk ngantuke aku yah sekarep karepe aku yah.. ora ana urusan karo koe.

slametpun jengkel dan langsung menengkel gulune kru [masih] dunia lain kueh, dan kru pun langsung mojled.
rudi kawi larang ora trima krune di tengkel kaya kue tok, rudi kawilarang berusaha membalas dengan tendangan tapi ditangkis karo slamet, kemudian slamet nyerang balik rudi kawilarang nganggo dom alias jarum pentul, slamet menusukan jarum pentul nang wetenge rudi kawilarang, rudi kawilarang langsung nggembor nggembor kelaranen.



loh ganinge ceritane malah gelut gegelutan?...
yawislah dari pada ceritane tambah ngawur mending ceritane tak balikna maning maring pukul 00:50 dan kita lupakan kejadian tadi.
pukul 00:50 slamet matane wis kriyap kriyep, latane slamet turu.
melihat slamet turu kemudian rudi kawilarang marani.

rudi: weh weh weh ganingkah malah turu..

slamet: lah iya keh um matane aku ngantuk nemen urung turu rongdina rongwengi..

rudi: yawis keh men koe ora ngantuk keh tak ngai gimbot ya.. wis koe karo dolanan gimbot bae keh men ora ngantuk.

slamet: horeeeeee acik acik acik aku wis awit nanu nemen pengin dolanan gimbot akhire saiki aku bisa dolanan.

slamet langsung jempalitan  kesenengen dingai gimbot.
pukul 01:30 slamet esih dolanan gimbot.
pukul 02:00 slamet ajeg ajeg dadah dadah maring arah kamera, kemudian rudi kawilarangpun marani.

rudi: ana apa ana apa? koe wis ora kuat apah?

slamet: udu um kiyeh batune ntek dadine gimbote mati.. mana tuku batu ndikit um, tukune batune sing apik kolih sing merk AAC aja sing merk ADC kueh batu bosok batu lawas ora apik um..

rudi: iya iyawis aku tak tuku batu ndikit ya..

slamet: ya gagian aja suwe suwe.

setelah rudi kawilarang tuku batu, acarapun kembali dilanjutkan, dan slamet langsung sibuk dolanan gimbot.
pukul 03:00 slamet esih dolanan gimbot, pukul 04:00 slamet esih dolanan gimbot, pukul 05:00 slamet esih anteng nemen dolanan gimbot. rudi kawilarangpun marani maring slamet.

rudi: weh keh wis adan subuh keh njuh sembayang ndikit..

slamet: lah tanggung keh um sedelat maning aku ngalakna mostere, aku wis nang level 12 keh um wis adoh nemen.

rudi: wis dolanan gimbote ngko maning bae..

slamet: lah gelem pora..

rudi kawilarangpun marah, kemudian rudi njukut bugelan, gimbot sing lagi dicekel slamet langsung direbut rudi dan kemudian rudi menggejug gejug gimbote nganggo bugelan. slamet hanya bisa diam melihat kesadisan rudi, latane slamet nangis nggower nggower. rudi ora perduli, kemudian rudi dan para kru [masih] udu dunia lain pada kugut alias kekes kekes lunga, sementara slamet ditinggal dewekan nang pabrik.
slamet esih nangis nggower nggower karo njerit njerit giiiiiiiiimmmmmmmmmbbbbbbbbooooooooottttt siiiiiiimmmmaaaaaaaa ggiiiiimmmmmmmmbbbootttt ssssiiiiiiiiimmmmmmmmaaaa gggiiiiiiiimmmmmbottteee aakkuuuuuuuu mmmmaaaaaaaaa...



WIS YA CERITANE SEMENE BAE AJA DAWA DAWA. NANTIKAN CERITA SELANJUTE.. WEHEWEHEWEHE..


Minggu, 14 Oktober 2012

jomblo vs ora jomblo

jomblo. satu kata berjuta hina, yah jare wong wong sih kaya kuwe..
tapi jare aku yah udu, jomblo kueh adalah makhluk tuhan yang paling asik karna bisa bebas ora ana singatur ngatur.
misale koe nguyuh nang karangane wong yah langka sing nglarang, koe pan njagong nang ngarep mbale desa nganti maghrib yah langka sing nglarang, koe pan mangan apa ora yah langka sing nglarang. wis pokoke bebas nemen lah ya kaya aku kiyeh contohe.

nah ning pacaran kueh beda banget, koe ora bakalan bisa bebas. koe bakal diatur atur dikongkon kongkon, koe kur nggo ketiplakan tok, koe kur nggo gledegan tok..
misale koe niate pan tawu karo batir batire nang kali ajeg ajeg pacare koe marani njaluk dater maring pasar, akhire gelem ora gelem koe kudu nuruti.

nah tapi dadi jomblo ana ora enake juga sih, pacaran juga ana enake juga sih..
ora enake dadi jomblo adalah ning malam minggu, malam minggu adalah malam penyiksaan bagi para jomblo. sementara bagi sing pacaran malam minggu adalah malam yang lebih indah dari malam seribu bulan.
akhire sing jomblopun metungkruk nang pojokan karo nangis nggower nggower..
apa maning angger musim udan, yawis luwih luwih aring nangis ora nggower nggower maning tapi nggawor nggawor..

oiya keh tak contohkna bae poto potone sing mbedakna jombla karo ora jomblo.

1. jomblo ning tekas mangan mesti cangkeme nggabres isine upa, lambene kemlonyor kulah lenga, dong mangan lawuh iwak ayam biasane balunge di dimut terus nganti pirang pirang ndina, tujuane yah menda krasane kaya ambung ambungan. sementara bagi sing ora jomblo, angger kas mangan yah lambene resik, ora ana gabresane.


2. jomblo ning nginung kading botol senenge dikokop, botole di jejel jejelna maring cangkem. tujuane yah menda krasane kaya ambung ambungan karo wong wadon. semen tara bagi sing ora jomblo ning nginung kading botol yah biasa biasa bae ora dikokop tapi di cur alon alon.





3. jomblo ning lagi udud biasane menghayati nemen, lambene muncis muncis kaya brekicot ngambang nang kali, tujuane yah menda krasa kaya ngambung wong wadon. sementara bagi sing ora jomblo, udude ya biasa bae, nyante ora grusah grusuh ora muncis muncis.




yah begitulah perbedaan antara jomblo karo ora jomblo.
sing penting jomblo ora jomblo kudu saling menghormati satu sama lain, aja nyek nyekan. melas.. (soale aku juga jomblo).