kaya kie rasane urip nang njagate ngewong. pengin apa bae kayong kangelan.
apa maning ning awak lagi mriyang, pengine diladeni karo simane tapi lah pan keprimen maning.
periksa kudu mangkat dewek, tuku obat kudu mangkat dewek, mangan yah mangan dewek, ngliwet yah ngliwet dewek. duh kayonge ya keprimen yah hawane kayong nang ndas bengekl nemen.. wis awak mriyang sing kudune istirahat malah yag yig ora nggenah.
ya kaya kie nasibe dadi wong perantauan, luruh duit beh nganti lunga adoh adoh. tapi ya pancen nasibe wis kaya kie yawislah gari nrima bae, ora usah kakeyen nglalu, ora usah aleman. dadi wong kueh kudu kendel, kudu waninan, pokoke kudu bisa urip mandiri.
tapi urip nang njagate ngewong alias perantauan juga ana enake.
wong wong ora pada ngerti koe, nah inilah kesempatan untuk menjadi dirimu yang baru.
dirimu yang baru sing luwih apik kading miyen.
misale nang kampung koe senenge dipoyoki "kampleng" gara garane koe miyen dong cilik pancen awake kampleng alias gering taunen. tapi nang kene (nang njagate ngewong) ora ana sing ngerti koe kueh asline miyen awake kerempeng.
yah kaya kue lah pokoke, sory sory bae ya ning nang postingan kieh langka lucu lucune acan acan soale aku pancen lagi mriyang.. awake ora penak nemen yakin.. yawis ngko kapan kapan bae aku ngelucune maning ya..
duh ning lagi mriyang kaya kie aku pengin didulang maudy ayunda..
pengin di nina boboin afika..
pengin di batiri yuyun..
yawislah ning langka sing gelem aku pan bunuh diri bae...
eh tapi sedurunge aku bunuh diri aku pan bunuh penyakit kiyeh ndikit.. heeeeeeeee...