Minggu, 17 Juni 2012

wawancara esklusip bersama biksu tong

Ini adalah wawancara esklusip antara saya dengan tong sam cong alias biksu tong. Pada saat biksu tong sedang bertapa di dalam gua bekas markas siluman tengkorak putih, saya datang menjumpainya untuk menanyakan hal hal penting. Nah karna ini penting, jadi catatanya dibikin pake bahasa nasional, bukan bahasa daerah. Karna penting sodara sodara... Penting... Penting bukan punting apalagi puting, ih...

Oke langsung saja kita lihat di te..ka..pe. Jrengjreng jreng..

Aku: asalamualaikum.. Tong.. Tong.. Nang ndi koe tong..

Biksu tong: tang tong tang tong emange aku keh gentong apa.

Aku: wehehe.. Sori tong sori.. Lah terus aku kudu ngundange apa tong?

Biksu tong: undang bae biks, men katon keren setitik.

Aku: lah mo. Aku geleme ngundang tong bae.

Biksu tong: ya wis ora papa sing penting koe mbayar sewu mangatus.

Aku: aja sewu mangatuslah, kayong kelarangen..

Biksu tong: sih pira njaluke?

Aku: telungewu patangatus.

Biksu tong: yawis ora papa. Sing penting kena nggo tuku gorengan karo es teh.

Aku: oke keh dadi wawancarane pan dimulai pora keh? Awit mau kakeyen ndospok bae raimu tong.

Biksu tong: lah koe sing marai ndikit kah.

Aku: yawislah sing ora botak ngalah. Keh saiki langsung wawancara eskulutip, eh eksekelupit, eh eskipulitit, eh eskulkultip, eh esklusip.. Lah ngomong kaya kue beh kayong angel temen yah asu.

Biksu tong: ilat ilat desa ya kaya kue.

Aku: lah wis koe ora usah gemberah. Langsung bae keh tak wawancarani koe nganti modod lambemu nganti njeblug cangkemu, aku ora urus ora urunan aku ora due duit nggo ngobati koe tong.


Biksu tong: wis langsung wawancara bae ora usah klegad kleged.. Ora ngerti aku beled ngising apa sih.

Aku: yawis keh pertanyaan sing pertama rongokna sing bener. Kupinge di jenjet ya kena kueh.

Biksu tong: ya sip.

Aku: tong, nagapa ndase koe botak?

Biksu tong: ceritane dawa.. Ning di ceritakna kabeh kayong nyampe rong dina rong wengi.

Aku: alah wis ora urusan, pokoke ceritakna cepetan.

Biksu tong: yawis keh dadi pertamane rambute aku keh gondrong, brewoke nggambreng kaya suket, kumise dawa kaya dalan gili pantura. Tapi tak cukur kabeh rambut brewok karo kumise nganggo bendo, soale aku pengin dadi biksu. Biksu kan ora olih gondrong, dadi yah tak plontosi bae ndase. Wis kaya kue ceritane.

Aku: o, cerita semono beh jare dawa.. Wudelmu ndea sing dawa.

Biksu tong: lah gelem pora.

Aku: yawislah, keh pertanyaan keloro. Nangapa koe keh betah nemen menjomblo?

Biksu tong: waduh, ning kieh ceritane bener bener dawa um.. Yakinlah sung.

Aku: ceritakna cepet ora usah kakeyen cangkem.

Biksu tong: dadi mogane aku betah menjomblo, soale aku ora payu payu.

Aku: wis kaya kue tok ceritane tong?

Biksu tong: ya.

Aku: waduk koelah tong. Oke kieh pertanyaan sing ketelu. Nangapa koe senenge semedi?

Biksu tong: nah angger kieh ceritane lumayan cendek, langsung bae tak ceritakna ya..

Aku: ya.

Biksu tong: pertamane ya, aku keh dong cilik sering di urag urag karo simane, aku kon merad singadoh gara garane aku dadi bocah ora kena nggo kongkonan. Gon tuku bawang mengkreng nang warunge mbasus sing jarake paling 3meter beh aku ora gelem. Gon tuku gula karo lenga yah aku ora gelem. Gon nempur aku yah ora gelem. Soale aku wonge sungkanan nemen. Watane simane aku pun ntek kesabarane. Aku langsung diurag urag karo simane aku kon lunga sing adoh. Akhire aku pun lunga alias merad maring njero alas. Nah nang tengah alas ajeg ajeg aku weruh goa.. Nang njero goa kueh aku weruh ana sega, jangan,gesek, karo wedang manis segelas. Akhire berubung aku lagi ngelih, sega kueh pun tak pangan. Tekas mangan sega latane aku turu nang njero goa. Isine lemut akeh nemen pada nyokoti awake aku ndadekna gatel nemen. Akhire akupun ngempet godong gedang nggo kridongan men ora dicokoti lemut.
Nah barang esuk esuke aku tangi eh ana sing ngai panganan.. Jebule panganan kueh sajen. Nggo penunggu goa kieh. Akhire akupun mikir, hmm,, enak juga yah ning urip nang njero goa. Gari turu turunan tok, eh tangi turu ana sing ngai panganan, gratis maning. Nah dari situlah aku mulai seneng bersemedi. Selain bisa mangan gratis, bisa juga turu turunan sepuase, langka sing ngurag urag, langka sing mrentah mrentah. Wis pokoke enaklah. Wis kaya kue ceritane um.

Aku: (--__--) zzzZZZ...

Biksu tong: heh um ganing malah turu..

Aku: lah wong koe kaya waduk njeblug kah. Jare ceritane pendek ora pada dawa nemen kaya buntut jaran. Ning sing ceritane jare dawa malah jebue cendek nemen. Koe pancen stres koe tong lah.

Biksu tong: wis keh esih ana pertanyaan maning apa ora gagiyan aku wis beled ngising nemen keh.

Aku: yawis keh pertanyaan terakhir keh. Apa cita citane koe sing urung tercapai?

Biksu tong: cita citane aku sing urung tercapai yaitu pengin mbojo.

Aku: bisane pengin mbojo?

Biksu tong: ya wong arane beh wong lanang yah mana mana pengin mbojo yah men ana sing ngladeni..

Aku: .lah terus bisane saiki koe urung mbojo mbojo?

Biksu tong: lah ngerti dewek ra ya? Aku keh nggal dina uripe kur nang njero goa tok. Ora tau metu metu. Dadine yah aku ora tau weruh wong wadon yah..

Aku: yawis karep karepe koe lah tong.

Biksu tong: ya wis mana lunga sing adoh mana..

Aku: ya wis. asalamualaikum..

Biksu tong: e e e eh, ngko ndisit.. Keh bayarane ndi keh.. Aja lunga lunga tok raimu.

Aku: oiya, hehe.. Aku kelalen keh duite limangewu. Jujul sewu nematus meneh.

Biksu tong: keh jujule.
urung cewok

Minggu, 10 Juni 2012

telor gule bumbu gosong ala chef rokhim sparrow

keh aku pan berbagi rahasia memasake aku sing paling enak.
aran masakane adalah TELOR GULE BUMBU GOSONG. arane pancen sangar, tapi rasane ya tetep enak.
yawis keh cara carane langsung bae tak ngai ngerti mbokan koe wis ora kanti.

bahan bahan sing di butuhna:
1. mengkreng abang alias cabe merah segar.
2. bawang abang alias bawang merah 3 gluntung.
3. merica secukupnya.
4. bawang putih aja akeh akeh.
5. micin cap sasa.
6. uyah.
7. ndog ayam lehor 4.
8. santen kelapa cap suns
  

bawang mengkreng

micin sasa men rasane enak

santen men gurih

ndog lehor
 nah pertama tama bumbu bumbu seperti bawang, mengkreng, kemiri, uyah, micin dll diduleg nang layah. sementara ndog lehore di godog ndikit men mateng. ngko dong wis mateng ndoge dijoceti.
diduleg sing lembut

joceti terus dikumbah nganggo rinso
nah, setelah kaya kue.. kemudian pasang sangan dan panaskan minyak goreng atau lenga lentik.
ngko dong lengane wis panas baru bumbu bumbu sing diduleg kueh langsung di srengna alias di brukna men pating ceprat cepret.
sebelum ada bumbu

setelah ada bumbu
nah dong kira kira wis mambu enak, baru ndog lehore sing wis dijoceti miki langsung di balang balangna maring sangan. setelah ndoge wis cukup mateng berwarna kecoklatan dan bumbu mulai menyebarkan aroma gosong, langsung di curna santen cap suns menda tambah gurih. aja kelalen tambahi uyah men rasane ora anyeb jileb kaya raine koe.
balangna

sreng sreng sreng nganti geseng
currrrrrrrr..
nah, dong kira kira wis mateng.. langsung dintas wadahi maring mangkok.
katon enak
setelah itu, hias sekeren mungkin dengan nasi alias sega.
maknyus
dan kemudian dipangan alias dimakan kan kan kan kan.
tekas mangan kueh wetenge aku langsung mules
yawis kaya kue bae resepe. ngko kapan kapan tak ngai ngerti maning cara memasak SEGA GORENG ALA KADARNYA. ya wisyaa.. wassalamualaikum.. aku pan ngising ndikit,, wetenge mules..

Sabtu, 09 Juni 2012

story of afika episod 6

propesor jojon yang kuatir dengan siluman ultraman akhire menyusul. sementara rombongan mama dedeh sudah mulai mendekati rumah afika. dan siluman ultraman esih ngenteni afika metu, tengak tengok nang njaba kaya wong ilang.
dinteni suwe nemen nganti siluman ultraman nangis nangis afika tetep bae ora metu metu.
akhire kesabaran siluman ultraman pun ntek. siluman ultraman kemudian masuk kerumah afika tanpa permisi dan tanpa aslamualaikum terlebih dulu. saking jengkele, siluman ultraman nggembor nggembor

ultraman: AFIKA!!! AFIKA!!! NANG NDI KOE DONGE YAH.. DINTENI AWIT MAU NANG NJABA TENGAK TENGOK KAYA WONG ILANG. KOE ORA METU METU. DONGE LAGI APA YAH KOE AFIKA..

kemudian afika pun metu.

afika: apa?

ultraman: koe tak dinteni awit mau kah ora metu metu..

afika: aku lagi mangan. koe sapa yah?

ultraman: aku siluman ultraman..

afika: siluman ultraman sapa? mene mene pan apa? ndobrak umahe wong maksude apa? nggembar nggembor nang njero umahe wong maksude apa? koe pan maling yah? tak laporna polisi koe..

ultraman: aja.. aja.. aku maring mene udu pan maling..

afika: lah terus pan apa? pan mangan? pan andon nguyuh? pan mbabad suket? pan nyisiki pring? apa pan ndandani gendeng sing bocor?..

ultraman: lah koe jebule crewet nemen ya jacilik apaha omongane nyesek nemen nang ati sung.

afika: lah gelem pora.

ultraman: ya wis ora papalah..

lagi enak enak ngobrol ajeg ajeg teka rombongan mama dedeh cs. JRENGJRENG JREEENG....

siluman ultraman kageten + kewedinen. latane siluman ultraman langsung ngemban afika dan afika digawa mlayu.
mama dedeh, mario teguh, adam suseno, dan raul lemos langsung ngejar.

siluman belis gundul alias mario teguh mlayune banter nemen, siluman ultraman pun langsung kekoyok dan kecandak. latane afika sing lagi dimban siluman ultraman langsung dijaluk dan dititipna maring mama dedeh.
kemudian siluman ultramanpun dihajar habis habisan karo mario teguh. bagbibug.. jebrad jebred.. terus terusan nganti siluman ultraman sempoyongan melasna nemen. siluman ultraman kemudian ngos ngosan, ambekane sesek ora karuan.. latane mario teguhpun menyuruh adam suseno dan raul lemos untuk menghabisi siluman ultraman. siluman ultraman tak tinggal diam, kemudian siluman ultraman langsung ngetokna jurus ngundang batir. jurus ngundang batir batire siluman ultraman yaitu power renjes dan shaun the sheep. siluman ultraman ngongkon power renjes untuk melawan adam suseno dan shaund the sheep melawan raul lemos. sementara deweke pan selonjor istirahat gara gara keselen tekas digebugi siluman belis gundul mario teguh. tapi power renjes protes ora gelem. jare ora adil.

power renjes: lah ning kaya kue ya aku mo lah. masa aku kesel kesel gelud koe malah enak selonjoran..

ultraman: lah gelem pora.

power renjes: ora. aku ora gelem mending balik bae lih nang umah mangan sate wedus.

akhire power renjes pun balik.

ultraman: yawis mana baliklah raimu kah ora kena didadekna batir. lah koe sheep pan melu balik kaya power renjes apa ora?

shaund: mbeek mbeek..

ultraman: yawislah mana balik bae lah.

akhire siluman ultraman pun harus menghadapi adam suseno dan raul lemos dewekan.

kaya apa yah gelude yah.. dinteni episod 7.
pray for siluman ultraman

story of afika episod 5

akhire mama dedeh, mario teguh, adam suseno, dan raul tremos. eh, raul lemos pun berangkat untuk mencegat siluman ultraman. mereka berangkat menggunakan gerobak dorong.

sementara itu ya sodara sodara, siluman ultraman kieh wis anjog nang ngarep umahe afika. tapi siluman ultraman kebingungen.. akhire siluman ultraman pun nelpon maring propesor jojon.

ultraman: halo prop.

jojon: halo he keh sapa yah. ora ngerti ana wong lagi sibuk apa. keh nyong lagi nggodog banyu keh ngko mbokan geseng. sapa sih koe donge sapa heh. njaluk tak kruek kruek raine apa heh.

ultraman: keh aku siluman ultraman gobel.

jojon: o koe men, mbokan sih sapa.

ultraman: lah pancen raimu sing denggong kah. di telpon nemen nemen ko malah nduak nduak kaya ayam babon pan ngendog.

jojon: iya iya sori men.. kiyeh soale aku lagi sibuk nggodog banyu ngko mbokan geseng men..

ultraman: lah ana ana bae sampean kah. masa wong nggodog banyu bisa geseng sih keprimen ceritane kueh..

jojon: lah wis ora usah kakeyen takon takon koe kaya waratawan tok. heh pimen kueh koe wis berhasil nyulik afika apa urung?

ultraman: urung

jojon: bisane urung, awit mau sih koe anuk apa..

ultraman: lah iya keh dong numpak angkot kena macet nang ndalan.. malahan dong pan mangkat aku gelud karo mama dedeh..

jojon: loh loh ganing koe gelud karo mama dedeh.. bisane men.. bisane..

ultraman: lah iya wong mama dedeh ora setuju ning aku nyulik afika.

jojon: o kurang ajar keh mama dedeh keh. wani wanine ngehianati bose sing ngganteng kaya tomingse kieh.

ultraman: halah tomingse apa mangsane, tongbensin ka iya.

jojon: heh! sembarangan koe. lah terus kepriwe keh mama dedehe?

ultraman: lah mama dedeh sih gampang, udu lawan berat bagi aku.

jojon: dadi koe berhasil ngalakna mama dedeh?

ultraman: ya iya yah..

jojon: yawis sip sip sip.. terus jasade mama dedeh nang ndi keh?

ultraman: paling yah nang tertikan ngarep..

jojon: le ngko tak tiliki le.

kemudian propesor jojon pun niliki jasade mama dedeh maring tertikan ngarep.

jojon: men, ganing jasade langka men..

ultraman: lah sing bener prop..

jojon: iya men.. yakinlah sung..

ultraman: tapi aku yakin nemen wis ngalakna mam'tut tut tuuut tuuut.....

aduh pulsane ntek kieh. akhire siluman ultraman pun kebingungen latane njagong metungkruk nang ngarep umahe afika karo ngenteni afika metu. propesor jojon ora gelem nelpon balik, soale lagi ngirit pulsa.

propesor jojon lagi kuatir soale mbokan mama dedeh esih urip dan kemudian wadul karo njaluk bantuan maring mantan pacare yang juga musuh bebuyutane, yaitu siluman belis gundul mario teguh.
akhire propesor jojonpun menyusul siluman ultraman menuju rumah afika.

disaat bersamaan rombongan mama dedeh cs yang berangkat menggunakan gerobak dorong sudah mulai mendekati rumah afika.

apakah yang akan terjadi sodara sodara..... kita tunggu episod 6.
afika lagi gendeng

Minggu, 03 Juni 2012

story of afika episod 4

ciye ciye..

lagi rame ramene gelud adam suseno vs raul lemos, ajeg ajeg siluman belis gundul alias mario teguh teka misahna wong loro kueh.
adam suseno diklepatna sadodoan, sedangkan raul lemos ndase di jegogna maring tembok nganti klenger.
nah akhire keuduane pun digawa maring markas siluman belis gundul alias mario teguh kueh.
niate sih mario teguh pan njaluk bantuane adam suseno karo raul lemos nggo ngrewangi macul nang sawahe.
tapi ajeg ajeg ana sing nggedor nggedor lawange mario teguh seru nemen. DUGG.. DUGG.. DUGGG..
mario teguh pun langsung marani karo ngganyami donge sapasih keh wonge nggedar nggedor lawange wong seru nemen, njaluk tak cengkiwing apa sih keh wong.
barang lawange dibuka ajeg ajeg mario teguh kaget.

mario: ehh, jebule koe deh. mbokan sih sapa.

mama: lawis ora usah kakeyen cangkem keh aku mene pan njaluk bantuan keh.

mario: bantuan apa?

mama: bantuan tenaga nggo ngajar siluman ultraman sing pan nyulik.

mario: nyulik sapa?

mama: nyulik uwong.

mario: yah ewong tapi wong sapa arane.. koe ning ngomong keh sing jelas si deh. njaluk tak jejeli watu segluntung apa sih..

mama: oiya iya iya mar sory ya mar.. keh dadi siluman ultraman keh pan nyulik ndase koe.. eh, maksude pan nyulik afika..

mario: oo,, afika.

mama: iya kiye mar aku njaluk tulunglah. soale aku ngefens nemen karo afika.. ning afika diculik aku wedi mbokan ngko di kapak kapakna karo propesor  jojon mar.. aku njaluk tulunglah.. wis ngko ning koe berhasil nyelamatna afika koe tak ngai hadiah spesial wis.

mario: asiiik.. yawis njuh langsung mangkat njuh.

mamah: ya njuh mangkat ngadang siluman ultraman cepetan. sedurunge siluman ultraman berhasil menculik afika.

mario: ya ya ya njuh.. eh, tapi aku juga ana wong keh nang njero. tak dijak sisan ya nggo rewang rewang..

mama: ya wis gari dijak sisan.

mario teguh pun segera menyuruh adam suseno dan raul lemos untuk membantu melawan siluman ultraman.

mario: adam, raul, keh rongokna keh aku pan ngomong keh.

adam & raul: ngomong apa ndul?

mario: wis keh dirongokna bae asu keh. keh dadi aku keh njaluk bantuane koe koe pada nggo ngelawan siluman ultraman sing berniat repan menculik afika.

adam: lah moh. aku kesel.. aku pan liren ndikit ndul.

mario: o berarti koe njaluk tak babitna maning koe dam..

adam: eiyaiya wis aku melu ndul..

mario: lah koe mos pan melu pora mos?

raul: mas mos mas mos. anggepe aku kiyeh tremos apa.

mario: wehehe,, pancen raine koe kaya tremos.. wehehehe..

raul: lah ning diledek kaya kue yah aku ora melu lah.

mario: eiyaiyaiya mos, eh lemos iyawis aku ora pan ngeledek maning. tapi koe melu ya mos ya.. aku njaluk tulung banget lah.

raul: yawis. tapi dong kas nglawan siluman ultraman. aku njaluk mangan. soale wetenge aku ngelih nemen.

mario: iya iya ngko tak ngai koe sega wadang lawaran karo kecap manis ya.

raul: yawis ora papa. sing penting mangan.



akhire mama dedeh, mario teguh, adam suseno, dan raul tremos. eh, raul lemos pun berangkat untuk mencegat siluman ultraman.

dinteni episod 5 ne ya..

story of afika episod 3

jengjeng jeng..

mama dedeh mencoba menghalau siluman ultraman  sing berencana pan nyulik afika.
perkelahian pun dimulai antara mama dedeh vs sluman ultraman.
mama dedeh langsung ngetokna jurus 1001 jama'ah (mengeluarkan 1001 jama'ah) dan langsung menyerbu siluman ultraman. tapi siluman ultraman ora wedi karo juruse mama dedeh. kemudian para jama'ahe mama dedeh pun langsung dihajar nganggo jurus andalane, yaitu jurus tembakan laser. seluruh jama'ahe mama dedeh pun langsung pada lumer.
terus dengan kecepatan penuh siluman ultraman langsung nyerang mama dedeh sing lagi lengah dengan serangan singsreng singadoh. mama dedeh kaget, terus mama dedeh langsung ngulet ngulet kepanasen.
siluman ultraman pun mengira mama dedeh sudah mati dan kalah. kemudian siluman ultraman melanjutkan perjalan demi misinya untuk menculik afika.
setelah siluman ultraman lunga madan adoh. mama dedeh jebule urung mati, tapi awake pada geseng. latane mama dedeh pun langsung meminta bantuan maring mantan pacare yaitu mario teguh.

sementara dilain tempat sedang terjadi pertarungan antara adam suseno vs raul lemos. jebule pertarungan adam suseno karo raul lemos kiye urung rampung. adam karo raul sing asline wis mati bareng jebule bangkit maning dari kematian. adam wis mati pindo sedangkan raul wis mati pin telu.
nah pas lagi rame ramene gelud ajeg ajeg teka siluman belis gundul alias mario teguh sing mencoba memisahkan keduanya. oiya sori bae keh ya ning bahasane campuran.. soale ndase aku pancen lagi senad senud gara gara  mangan sega ndog olih berkat kas kondangan nang lurahe. hehehe..

wislah aja dawa dawa ngko sing maca malah dadi males. mending lanjut bae maring episod 4.


Sabtu, 02 Juni 2012

story of afika episod 2

siluman ultraman & mama dedeh

nah barang siluman ultraman pan mangkat menjalankan misi, ajeg ajeg pas nang ngarep umah papasan karo mama dedeh sing kas balik maring pasar tuku ndog lehor seprapat. mama dedeh pun takon maring siluman ultraman.

mama: weh men, pan maring ndi koe ganing gugup gugup temen. ora mangan ndikit apa. keh aku pan nggoreng ndog.

ultraman: iya keh mah, propesor jojon ngai aku misi.

mama: misi apa?

ultraman: nyulik.

mama: nyulik apa?

ultraman: uwong.

mama: iya wong wonge sapa arane rah.. koe njaluk tak kepruk nganggo ndog apa?

ultraman: eiya iya mah ampun mah. a, aku dikongkon propesor jojon gon nyulik afika.

*mama dedeh langsung kaget ora karu karuan*

mama: APAA?? nyulik afika??? bisane..

ultraman: la ya mbuyah wong aku dikongkon tok kah.

mama: aja. aja men. aja sampe koe nyulik afika.. soale aku ngefens nemen karo afika.

ultraman: la asline aku beh iya kah, tapi pan kepriwe maning.. wong aku diprentah sih.. dadine gelem ora gelem ya kudu gelem.

mama: aja men! koe ning pan nyulik afika mending gelud ndikit karo aku meneh..

ultraman: ayuh sih. aku ora wedi karo sampean.


akhire terjadi perkelahian antara mama dedeh yang berniat menghalau siluman ultraman sing pan nyulik afika.

dinteni episod 3.

story of afika episod 1

propesor jojon & siluman ultraman

pada suatu pagi alias esuk esuk nang ngarep umahe propesor jojon. terlihat siluman ultraman yang lagi asik dolanan oglong dewekan langka batire.
ajeg ajeg ana suara kading njero ngumah ngundang ngundang meeen.. meeen..
siluman ultraman pun langsung manjing menjero. o, jebule sing ngundang keh propesor jojon sing lagi melakukan penelitian nang ruang laboratorium..
latane siluman ultraman pun njawab panggilane propesor jojon.

ultraman: ana apa prop ngundang ngundang? ora ngerti lagi enak enak oglong apa?

jojon: matamu kueh.. ora awan ora bengi pokoke nggal dina kah dolanane olgoooong bae. apa koe ora bosen apa sih men?

ultraman: lah pan kepriwe maning.. wong nggenah aku bisane dolanane oglong tok.

jojon: yawis yawis ceep.. ceep.. aja nangis keh koe tak ngai misikeh gelem pora koe?

ultraman: misi apa? aja sing repot repot, nyong moh ning repot repot. soale nyong pan oglong maning keh..

jojon: ora, ora repot ora men. keh koe tak kongkon nyulik wong gelem apa ora?

ultraman: nyulik sapa?

jojon; uwong..

ultraman: ya wong wonge sapa arane, aja wong wong tok raimu njaluk tak baedil apa sih prop heh!?

jojon: eiya iya iya men sory men. keh tak tuturi mene keh ya. uwonge kueh.. arane.. afika.

*ultraman langsung kaget jempalitan.*
ultraman: WAAA!!! maksude apa keh aku gon nyulik nyulik afika prop?

jojon: wis ora usah takon takon kaya wartawan.. ngko tak ngai ngerti dong koe berhasil nyulik afika. wis mana mangkat mana aja kakeyen kleged. keh tak sanguni wedang manis sebotol men koe ora ngorong nang ndalan.


dan akhire siluman ultraman pun siap berangkat melaksanakan misi. tapi nang ngarep umah ajeg ajeg pabagan karo asistene propesor jojon yaitu mama dedeh. jengjeng jeng..

nantikan episod 2..

story of afika

aku pan cerita seri keh tentang afika karo bintang bintang brug sinol seperti, propesor jojon, mario teguh, mama dedeh, raul lemos, adam suseno, dan sing paling utama adalah siluman ultraman.
nah dadi inti cerita ne keh kaya kiye keh. afika ceritane pan diculik siluman ultraman karna siluman ultraman mendapat tugas kading bose yang tidak lain juga tidak bukan adalah propesor jojon. tapi informasi rencanane ultraman pan menculik afika kueh dibocorkan oleh mama dedeh. mama dedeh adalah asisten pribadi propesor jojon. watane mama dedeh pun berniat untuk menyelamatkan afika dan meminta bantuan mario teguh.
sementara dilain tempat, pertarungan antara adam suseno vs raul lemos ternyata masih berlanjut. watane mario teguh pun teka pengin misahna adam suseno karo raul lemos men aja gelud bae karo gon ngrewangi nyelamatna afika dari ancaman culikan propesor jojon. nah lalu apakah afika dapat diselamatkan? apakah mama dedeh, mario teguh, adam suseno, dan raul lemos berhasil menyelamatkan afika?..


dinteni bae ceritane....