Minggu, 04 Maret 2012

samidi & putri duyung

he mulai saiki mulai dina kieh aku pan cerita hororrr... apa? hororrr... sepisan maning ah men katon medeni hororrr...
baaaaa..
okelah langsung maring inti ceritane bae ya..
dadi ceritane kaya kie keh.
pada suatu hari hidup seorang pemuda bernama samidi umure mbeke 18 taun, wonge sih ngganteng tapi ireng kaya kie keh wonge keh..
samidi
sore sore sekitaran jam 15:00 samidi repan mancing nang kali dong lagi mancing ajeg ajeg pancingane samidi deded, ha!! apakah kali ini samidi repan olih iwak sodara sodara!! mari kita deleng bae..
pas pancingane samidi deded eh malah dong ditarik jebule udu iwak tapi entrok..
samidi latane jengkel ora karuan nganti anjrot anjrotan ora nggenah.
nah lagi anjrot anjrotan ora nggenah ajeg ajeg ana prumbusan gede nemen nang tengah kali terus nyumul ndas,, eh oh ah jebule kueh putri duyung.. putri duyunge ayu tapi lagi jengkel ora karuan soale entroke sing lagi dinggo malah keseret pancingane samidi.
watane putri duyunge marani maring ngarepe samidi karo ngomong " um sampean primen sih.. wong entrok lagi dinggo kah malah di tarik tarik ora nggenah maksude apa kieh um heh!..
samidi kewedinen, awake pating ndlegdeg ora karuan.. watane samidi ngomong kaya kie " i,i,iya yung nyong minta ma'ap yung.. nyong ora sengaja miki jawane mbokan olih iwak malah olihe entrok bosok kaya kie yung..
latane putri duyunge njawab " wis ora usah kakeyen cangkem sampean um, siki niate sampean njaluk tak tempiling apa tak dambung..
samidi ya jelas milihe njaluk didambung yah..
latane putri duyunge langsung nyikep samidi karo manyungna lambene eh dong pas kaya kue,, jebule putri duyunge sing miki katon ayu malah berubah dadi kaya mpok nori,,, hiiiiiiiiiiiii medeni nemen ya,,,
samidi wis disikep ora bisa ngapa ngapa.. watane samidi didambung karo putri duyunge nganti 6 taun ora ucul ucul..


wis kaya kue bae ya ceritane,, aku wis wedi nemen kieh.... hiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiii,,,,,, crut crut

0 komentar: