Minggu, 22 April 2012

adam suseno vs raul lemos

men koe koe pada ngerti cerita kieh, koe maca ndikit cerita cerita kieh sing ana hubungane karo cerita kieh.. adam suseno karo raul lemos.

nah dong wis diwaca cerita cerita kueh, keh baru koe maca cerita kieh.. oke langsung saja kita ke Te..Ka..Pe..

nah dong nang cerita adam suseno kan terakhire si adam mati dadi hantu penunggu jambu klutuk raya?
watane raul lemos mati untuk kedua kalinya gara gara di gebug kerisdayanti nganggo balok kayu.
nah cerita cerita kieh niate pan tak lanjutna karo tak gabungna dadi siji men katon kereng.

adam suseno vs raul lemos
nah pada suatu ketika dong bengi bengi ya hantune raul lemos sing mati untuk kedua kalinya keh lagi nggrantang pengin mangan mendoan, tapi raul lemos keh ora ndue duit seperak peraka dadine raul lemos kur bisa nyekeli weteng tok karo ngrengek. nah pas lagi ngrengek, ajeg ajeg teka hantune adam suseno kas belanja nang supermarket nggawa plastik ireng gede nemen. latane adam susebo weruh raul lemos lagi ngrengek karo guling gulingan nang tengah gili, barang kaya kue adam suseno langsung takon.

adam: he um sampean lagi apa donge? ganing guling gulingan nang tengah nggili kaya kue?..

raul: iya keh, aku lagi ngelih nemen um.. urung mangan telung ndina keh wudele nyong nganti muter muter ora nggenah dadine nyong guling gulingan kaya kieh ra um.. :(

adam: o kaya kue.. yawis keh berubung nyong miki kas belanja nang supermarket keh nyong nggawa martabak india rasa kumis bule.

raul: iya wis lah mene um tak pangane pan rasa kumis bule ke, kumis jaran ke, wis pokoke langsung tak dileg mene um..

latane adam pun langsung ngai maratabak india rasa kumis bulene maring raul lemos.

oke kayonge ceritane madan madan dawa kieh mending tak gawe episod bae ya..